Surah An-Nisa Ayahs #164 Translated in Jawa
فَبِظُلْمٍ مِنَ الَّذِينَ هَادُوا حَرَّمْنَا عَلَيْهِمْ طَيِّبَاتٍ أُحِلَّتْ لَهُمْ وَبِصَدِّهِمْ عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ كَثِيرًا
Mulané, awit déning tindak duduné para kang padha Yahudi, Ingsun angaramaké ingatasé dhè- wèké barang-barang angresepaké kang dikenakaké marang dhèwèké, sarta amarga saka anggoné padha angalang-alangi ing akèh ing dadalaning Allah
وَأَخْذِهِمُ الرِّبَا وَقَدْ نُهُوا عَنْهُ وَأَكْلِهِمْ أَمْوَالَ النَّاسِ بِالْبَاطِلِ ۚ وَأَعْتَدْنَا لِلْكَافِرِينَ مِنْهُمْ عَذَابًا أَلِيمًا
Sarta anggoné padha anga- lap riba’ – nadyan ta iku temen dhèwèké padha dilarangi – apa déné anggoné padha mangan ban- dhaning wong kalawan ora bener; lan Ingsun anyadhiyakaké siksa kang anglarani tumrap dhèwèké kang padha wong kafir
لَٰكِنِ الرَّاسِخُونَ فِي الْعِلْمِ مِنْهُمْ وَالْمُؤْمِنُونَ يُؤْمِنُونَ بِمَا أُنْزِلَ إِلَيْكَ وَمَا أُنْزِلَ مِنْ قَبْلِكَ ۚ وَالْمُقِيمِينَ الصَّلَاةَ ۚ وَالْمُؤْتُونَ الزَّكَاةَ وَالْمُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ أُولَٰئِكَ سَنُؤْتِيهِمْ أَجْرًا عَظِيمًا
Ananging dhèwèké, para sing teguh ing kawruh lan para angèstu, padha angèstu marang sapa sing didhawuhaké marang sira lan apa sing kadhawuhaké ing sadurungira, sarta para kang padha anjumenengaké salat tuwin para kang padha amèwèhaké zakat apa déné para sing padha angèstu ing Allah lan dina akhir, iki bakal padha Ingsun paringi ganjaran kang gedhé
إِنَّا أَوْحَيْنَا إِلَيْكَ كَمَا أَوْحَيْنَا إِلَىٰ نُوحٍ وَالنَّبِيِّينَ مِنْ بَعْدِهِ ۚ وَأَوْحَيْنَا إِلَىٰ إِبْرَاهِيمَ وَإِسْمَاعِيلَ وَإِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ وَالْأَسْبَاطِ وَعِيسَىٰ وَأَيُّوبَ وَيُونُسَ وَهَارُونَ وَسُلَيْمَانَ ۚ وَآتَيْنَا دَاوُودَ زَبُورًا
Sayekti Ingsun amedhar sabda marang sira kaya anggon- Ingsun amedhar sabda marang Nuh sarta para nabi ing sapungkuré, lan Ingsun amedhar sabda marang Ibrahim lan Isma’il lan Ishaq lan Ya’qub sarta para Pancer, lan ‘Isa lan Ayyub lan Yunus lan Harun, lan Sulaiman sarta Ingsun amaringi tulis marang Dawud
وَرُسُلًا قَدْ قَصَصْنَاهُمْ عَلَيْكَ مِنْ قَبْلُ وَرُسُلًا لَمْ نَقْصُصْهُمْ عَلَيْكَ ۚ وَكَلَّمَ اللَّهُ مُوسَىٰ تَكْلِيمًا
Lan para utusan kang ing sadurungé wus padha Ingsun caritakaké marang sira lan para utusan kang padha ora Ingsun caritakaké marang sira; lan Allah angandikani Musa kalawan pangandika
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
