Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #149 Translated in Jawa

إِنَّ الْمُنَافِقِينَ فِي الدَّرْكِ الْأَسْفَلِ مِنَ النَّارِ وَلَنْ تَجِدَ لَهُمْ نَصِيرًا
Sayekti, para lamis iku padha ana ing geni lapisan kang ngisor dhéwé, lan ora bakal sira nemu panulung tumrap marang dhèwèké
إِلَّا الَّذِينَ تَابُوا وَأَصْلَحُوا وَاعْتَصَمُوا بِاللَّهِ وَأَخْلَصُوا دِينَهُمْ لِلَّهِ فَأُولَٰئِكَ مَعَ الْمُؤْمِنِينَ ۖ وَسَوْفَ يُؤْتِ اللَّهُ الْمُؤْمِنِينَ أَجْرًا عَظِيمًا
Kajaba kang padha tobat sarta ambecikaké kalakuané tuwin agondhèlan ing Allah apa déné tulus pambangunturuté maring Allah; lah yaiku sartané para angèstu; lan Allah bakal amaringi ganjaran kang gedhé marang para angèstu
مَا يَفْعَلُ اللَّهُ بِعَذَابِكُمْ إِنْ شَكَرْتُمْ وَآمَنْتُمْ ۚ وَكَانَ اللَّهُ شَاكِرًا عَلِيمًا
Apa perluné Allah aniksa ing sira, manawa sira pancèn padha weruh ing panarima sarta angèstu? Lan Allah iku Kang tikel- matikel ing pangganjar, Angu- danéni
لَا يُحِبُّ اللَّهُ الْجَهْرَ بِالسُّوءِ مِنَ الْقَوْلِ إِلَّا مَنْ ظُلِمَ ۚ وَكَانَ اللَّهُ سَمِيعًا عَلِيمًا
Allah Iku ora remen marang wedharing pangucap ngeblak kang nylekit, kajaba manawa iki déning wong kang kinaniaya; lan Allah iku Amiyarsa, Angudanèni
إِنْ تُبْدُوا خَيْرًا أَوْ تُخْفُوهُ أَوْ تَعْفُوا عَنْ سُوءٍ فَإِنَّ اللَّهَ كَانَ عَفُوًّا قَدِيرًا
Manawa sira kalawan nge- dhèng anglakoni kabecikan utawa kalawan sira sidhem, utawa anga- pura ing ala, lah sayekti Allah iku Aksama, Kawasa

Choose other languages: