Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #125 Translated in Jawa

أُولَٰئِكَ مَأْوَاهُمْ جَهَنَّمُ وَلَا يَجِدُونَ عَنْهَا مَحِيصًا
Iki para kang panggonané iku naraka, lan ora bakal padha olèh pangungsèn saka ing kono
وَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ سَنُدْخِلُهُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا أَبَدًا ۖ وَعْدَ اللَّهِ حَقًّا ۚ وَمَنْ أَصْدَقُ مِنَ اللَّهِ قِيلًا
Wondéné para kang padha angèstu lan anglakoni panggawé- panggawé becik, bakal padha Ingsun lebokaké ing patamanan, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, padha manggon ing kono, langgeng; janjining Allah, temenan; lan sapa sing luwih temen ing pangucap tinim- bang Allah
لَيْسَ بِأَمَانِيِّكُمْ وَلَا أَمَانِيِّ أَهْلِ الْكِتَابِ ۗ مَنْ يَعْمَلْ سُوءًا يُجْزَ بِهِ وَلَا يَجِدْ لَهُ مِنْ دُونِ اللَّهِ وَلِيًّا وَلَا نَصِيرًا
Ora bakal cocog karo pépé- nginanira kang muspra, lan iya ora cocog karo pépénginané pandhèrèké Kitab kang muspra; sapa sing anglakoni ala, bakal winales kalawan ala, lan saliyané Allah dhèwèké ora bakal éntuk pangayoman lan ora panulung
وَمَنْ يَعْمَلْ مِنَ الصَّالِحَاتِ مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَىٰ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَأُولَٰئِكَ يَدْخُلُونَ الْجَنَّةَ وَلَا يُظْلَمُونَ نَقِيرًا
Lan sapa sing anglakoni panggawé-panggawé becik, apa wong lanang apa wong wadon, lan dhèwèké iku wong angèstu, _ lah iki bakal padha lumebu ing taman, lan ora pisan-pisan bakal kataman ing tindak dudu
وَمَنْ أَحْسَنُ دِينًا مِمَّنْ أَسْلَمَ وَجْهَهُ لِلَّهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ وَاتَّبَعَ مِلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا ۗ وَاتَّخَذَ اللَّهُ إِبْرَاهِيمَ خَلِيلًا
Lan sapa ta kang luwih becik agamané tinimbang wong kang sumarah babar pisan adhepé marang Allah? lan dhèwèké iku wong kang agawé becik sarta miturut agamané Ibrahim, wong tulus, lan Allah iku amundhut Ibrahim minangka mitra

Choose other languages: