Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #15 Translated in Jawa

يُوصِيكُمُ اللَّهُ فِي أَوْلَادِكُمْ ۖ لِلذَّكَرِ مِثْلُ حَظِّ الْأُنْثَيَيْنِ ۚ فَإِنْ كُنَّ نِسَاءً فَوْقَ اثْنَتَيْنِ فَلَهُنَّ ثُلُثَا مَا تَرَكَ ۖ وَإِنْ كَانَتْ وَاحِدَةً فَلَهَا النِّصْفُ ۚ وَلِأَبَوَيْهِ لِكُلِّ وَاحِدٍ مِنْهُمَا السُّدُسُ مِمَّا تَرَكَ إِنْ كَانَ لَهُ وَلَدٌ ۚ فَإِنْ لَمْ يَكُنْ لَهُ وَلَدٌ وَوَرِثَهُ أَبَوَاهُ فَلِأُمِّهِ الثُّلُثُ ۚ فَإِنْ كَانَ لَهُ إِخْوَةٌ فَلِأُمِّهِ السُّدُسُ ۚ مِنْ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُوصِي بِهَا أَوْ دَيْنٍ ۗ آبَاؤُكُمْ وَأَبْنَاؤُكُمْ لَا تَدْرُونَ أَيُّهُمْ أَقْرَبُ لَكُمْ نَفْعًا ۚ فَرِيضَةً مِنَ اللَّهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلِيمًا حَكِيمًا
Allah wis paring dhawuh marang sira kabeh tumrap anak tinggalanira, pandumaning anak lanang siji padha karo pandumaning anak wadon loro, dene yen anak mau wadon kabeh kehe loro sapendhuwur, pandumaning rong proteloning barang tinggalan. Dene yen anak wadon mau mung siji, iku pandumane oleh separoning barang tinggalan. Dene bapa lan biyunge wong kang mati siji-sijine oleh panduman sakpraneme barang tinggalan, semono iku manawa kang mati mau tinggal anak. Dene yen ora tinggal anak, mung tinggal bapa lan biyung wae (utawa nganggo tinggal bojo) iku pandumaning biyung oleh saperteluning barang tinggalan. Dene manawa kang mati mau tinggal sadulur (lanang lan wadon loro sak pendhuwur) iku pandumaning biyung oleh sakpranem, samono iku saturahe dienggo nglestarekake wewekas kang diwekasahe (wasiyat) utawa dienggo nglunasi utange wong kang mati mau. Bapakinge sapenduwuran para anakira ora ana kang weruh mungguh bapa ana kang weruh mungguh bapa lan anak mau endi kang akeh lerege mikolehi marang sira. Pangendum kang mangkono mau ditemtokake dening Allah. Satemene Allah iku Nguningani lan Wicaksana
وَلَكُمْ نِصْفُ مَا تَرَكَ أَزْوَاجُكُمْ إِنْ لَمْ يَكُنْ لَهُنَّ وَلَدٌ ۚ فَإِنْ كَانَ لَهُنَّ وَلَدٌ فَلَكُمُ الرُّبُعُ مِمَّا تَرَكْنَ ۚ مِنْ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُوصِينَ بِهَا أَوْ دَيْنٍ ۚ وَلَهُنَّ الرُّبُعُ مِمَّا تَرَكْتُمْ إِنْ لَمْ يَكُنْ لَكُمْ وَلَدٌ ۚ فَإِنْ كَانَ لَكُمْ وَلَدٌ فَلَهُنَّ الثُّمُنُ مِمَّا تَرَكْتُمْ ۚ مِنْ بَعْدِ وَصِيَّةٍ تُوصُونَ بِهَا أَوْ دَيْنٍ ۗ وَإِنْ كَانَ رَجُلٌ يُورَثُ كَلَالَةً أَوِ امْرَأَةٌ وَلَهُ أَخٌ أَوْ أُخْتٌ فَلِكُلِّ وَاحِدٍ مِنْهُمَا السُّدُسُ ۚ فَإِنْ كَانُوا أَكْثَرَ مِنْ ذَٰلِكَ فَهُمْ شُرَكَاءُ فِي الثُّلُثِ ۚ مِنْ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُوصَىٰ بِهَا أَوْ دَيْنٍ غَيْرَ مُضَارٍّ ۚ وَصِيَّةً مِنَ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَلِيمٌ
Lan sira padha duwe panduman separoning barang tetinggalan rabinira kang mati, iku manawa rabinira mau ora tinggal anak. Dene yen tinggal anak, sira mung oleh panduman saprapating branang tetinggalane rabinira, iku saturahe dienggo nglestarekake wasiyat kang diwasiyatake dening rabinira, sarta dienggo mundhuti (nyauri) utange. Para rabinira duwe panduman saprapating barang tinggalanira yen sira mati, iku manawa sira ora tinggal anak. Dene yen sira tinggal anak, rabinira mung oleh panduman saprawoluning barang tinggalanira, iku saturahe dienggo nglestarekake wasiyat kang sira wasiyatake, sarta dienggo mundhati utange. Dene manawa ana wong lanang utawa wong wadon mati ora tinggal bapa utawa kaku utawa anak, ing mangka tinggal sedulur kang mung tunggal tinggal sedulur kang mung tunggal biyung wae lanang utawa wadon, iku yen sedulur tinggal biyung mung siji wae, pandumane sapranem barang tinggalan. Nanging yen sedulur tunggal biyung mau luwih saka siji, pandumane saprateluning barang tinggalan, diendum rampak sakancane padha sedulur tunggal sakancane padha sedulur tunggal biyung (lanang wadon padha wae), mangkono iku saturahe dienggo nglestarekake wasiyat kang diwasiyatake dening kang mati mau, apa dene dienggo mundhati utange, tur wasiyat mau ora ndadekake kemlarataning (kapitunaning) ahli waris kang kasebut mau. Iku dhawuh saka Allah. Dene Allah Maha Ngudaneni sarta Maha Sabar
تِلْكَ حُدُودُ اللَّهِ ۚ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ يُدْخِلْهُ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا ۚ وَذَٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ
Kabeh kang wis kasebut mau iku angger-anggere Allah. Lan sing sapa ngestokake (dhawuhe) Allah lan Utusane, Allah mesti ngganjar marang wong mau, dilebokake suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore wit-witan, ana kono padha langgeng, iya kaya mangkono kabegjan kang agung
وَمَنْ يَعْصِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَيَتَعَدَّ حُدُودَهُ يُدْخِلْهُ نَارًا خَالِدًا فِيهَا وَلَهُ عَذَابٌ مُهِينٌ
Dene sing sapa duraka ing Allah lan Utusane, apa dene nerak angger-anggere Allah, Allah bakal nyiksa marang wong mau, dicemplungake neraka, ana kono padha langgeng sarta dipatrapi siksa kang ina
وَاللَّاتِي يَأْتِينَ الْفَاحِشَةَ مِنْ نِسَائِكُمْ فَاسْتَشْهِدُوا عَلَيْهِنَّ أَرْبَعَةً مِنْكُمْ ۖ فَإِنْ شَهِدُوا فَأَمْسِكُوهُنَّ فِي الْبُيُوتِ حَتَّىٰ يَتَوَفَّاهُنَّ الْمَوْتُ أَوْ يَجْعَلَ اللَّهُ لَهُنَّ سَبِيلًا
(Para wong kang padha nyekel kabenaran) mungguh para wanita kang padha nglakoni ala (zina) iku padha sira golekna saksi lanang papat. Manawa wong papat mau wis padha nyekseni anggone zina, wanita mau banjur sira kunjaranen, (kurungen) ana sajroning omah, nganti dheweke mati utawa nganti Allah ndamel dalan marang dheweke (lepas saka anggone dikurung utawa dikunjara)

Choose other languages: