Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #12 Translated in Jawa

فَلَمَّا جَاءَهَا نُودِيَ أَنْ بُورِكَ مَنْ فِي النَّارِ وَمَنْ حَوْلَهَا وَسُبْحَانَ اللَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Bareng Musa wis tekan ing panggonan geni, didhawuhi dening Allah, pangandikane, berkahing Allah dhumawaha marang Musa kang ana ing sajrone geni, lan marang para malaikat kang ana ing sakiwa tengene. Maha Suci Allah Pangerane wong ngalam kabeh
يَا مُوسَىٰ إِنَّهُ أَنَا اللَّهُ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ
Musa, sumurupa, satemene Ingsun iki Allah Kang Maha Mulya tur Maha Wicaksana
وَأَلْقِ عَصَاكَ ۚ فَلَمَّا رَآهَا تَهْتَزُّ كَأَنَّهَا جَانٌّ وَلَّىٰ مُدْبِرًا وَلَمْ يُعَقِّبْ ۚ يَا مُوسَىٰ لَا تَخَفْ إِنِّي لَا يَخَافُ لَدَيَّ الْمُرْسَلُونَ
Lan tekenira iku sira uncalna. Bareng Musa wis nguncalake tekene kaget lan gumeter sumurp tekene dadi ula kang galak. Musa mungkur lumayu tanpa noleh. Allah ngendika, "He Musa sira aja wedi. para Utusaningsnu ana ngarsaningsun tanpa kuwatir lan ora wedi apa - apa
إِلَّا مَنْ ظَلَمَ ثُمَّ بَدَّلَ حُسْنًا بَعْدَ سُوءٍ فَإِنِّي غَفُورٌ رَحِيمٌ
Kajaba wong kang nganiaya (duraka) nanging banjur padha tobat, sarta banjur ngijoli tumindake ala kanthi kabecikan, iku naliknae rumangsa kaluputan, duwe wedi. Satemene Ingsun iki Maha Pangapura tur Maha Asih
وَأَدْخِلْ يَدَكَ فِي جَيْبِكَ تَخْرُجْ بَيْضَاءَ مِنْ غَيْرِ سُوءٍ ۖ فِي تِسْعِ آيَاتٍ إِلَىٰ فِرْعَوْنَ وَقَوْمِهِ ۚ إِنَّهُمْ كَانُوا قَوْمًا فَاسِقِينَ
Lan epek - epekira lebokna ing klambi, nuli wetokna, mesthi dadi putih, dudu putihe belang, (nanging mencorong amblerengi). Saiki sira mangkata, nemonanan lan nerang - nerangna Fir’aun sawadyabalane, kanthi tandha yekti kaelokan sangang werna klebu loro iki, awit Fir’aun sawadyabalane iku klebu wong duraka (fasiq)

Choose other languages: