Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #10 Translated in Jawa

وَإِنَّكَ لَتُلَقَّى الْقُرْآنَ مِنْ لَدُنْ حَكِيمٍ عَلِيمٍ
(Muhammad) Satemene sira wis diparingi al-Qur’an saka ngarsane Allah kang Maha WIcaksana sarta Ngudaneni
إِذْ قَالَ مُوسَىٰ لِأَهْلِهِ إِنِّي آنَسْتُ نَارًا سَآتِيكُمْ مِنْهَا بِخَبَرٍ أَوْ آتِيكُمْ بِشِهَابٍ قَبَسٍ لَعَلَّكُمْ تَصْطَلُونَ
(Muhammad) sira nyritakna lelakone Musa, nalika ana ing ngalas wayah wengi, mituturi (ngendikani) marang garwane, "Ingsun sumurup geni, sira lerena ana kene dhisik Ingsun arep marani geni kae, bokmenawa baliningsun bakal pikantuk warta pitedah dalan bener, utawa pikantuk obor kang murub, supaya kena sira anggo gegeni
فَلَمَّا جَاءَهَا نُودِيَ أَنْ بُورِكَ مَنْ فِي النَّارِ وَمَنْ حَوْلَهَا وَسُبْحَانَ اللَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Bareng Musa wis tekan ing panggonan geni, didhawuhi dening Allah, pangandikane, berkahing Allah dhumawaha marang Musa kang ana ing sajrone geni, lan marang para malaikat kang ana ing sakiwa tengene. Maha Suci Allah Pangerane wong ngalam kabeh
يَا مُوسَىٰ إِنَّهُ أَنَا اللَّهُ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ
Musa, sumurupa, satemene Ingsun iki Allah Kang Maha Mulya tur Maha Wicaksana
وَأَلْقِ عَصَاكَ ۚ فَلَمَّا رَآهَا تَهْتَزُّ كَأَنَّهَا جَانٌّ وَلَّىٰ مُدْبِرًا وَلَمْ يُعَقِّبْ ۚ يَا مُوسَىٰ لَا تَخَفْ إِنِّي لَا يَخَافُ لَدَيَّ الْمُرْسَلُونَ
Lan tekenira iku sira uncalna. Bareng Musa wis nguncalake tekene kaget lan gumeter sumurp tekene dadi ula kang galak. Musa mungkur lumayu tanpa noleh. Allah ngendika, "He Musa sira aja wedi. para Utusaningsnu ana ngarsaningsun tanpa kuwatir lan ora wedi apa - apa

Choose other languages: