Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #66 Translated in Jawa

أَمَّنْ يُجِيبُ الْمُضْطَرَّ إِذَا دَعَاهُ وَيَكْشِفُ السُّوءَ وَيَجْعَلُكُمْ خُلَفَاءَ الْأَرْضِ ۗ أَإِلَٰهٌ مَعَ اللَّهِ ۚ قَلِيلًا مَا تَذَكَّرُونَ
Becik endi brahala karo Pangeran kang nyembadani panyuwune kang nemureribet sesambat ing Allah, lan kuwasa ambengkas reribed mau, apa dene anggenggonake sira ana ing bumi, anggenteni para leluhurira. (Saiki kepriye panemunira), Apa ana Pangean kang ngembari Allah? (mangsa anaha). Nanging sethithik banget wong kang padha eling
أَمَّنْ يَهْدِيكُمْ فِي ظُلُمَاتِ الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَمَنْ يُرْسِلُ الرِّيَاحَ بُشْرًا بَيْنَ يَدَيْ رَحْمَتِهِ ۗ أَإِلَٰهٌ مَعَ اللَّهِ ۚ تَعَالَى اللَّهُ عَمَّا يُشْرِكُونَ
Becik endi brahala karo pangeran kang paring pitedah marang sira ana ing pepetenging dharatan lan pepetenging segara? apa dene nglakokake angin dadi cecalane udan, minangka kanggo ambebungah marang sira. (saiki kapriye panemunira). Apa ana Pangeran kang ngembari? (mangsa anaha). Allah iku Maha Luhur, saka barang kang disakuthokake
أَمَّنْ يَبْدَأُ الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيدُهُ وَمَنْ يَرْزُقُكُمْ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ ۗ أَإِلَٰهٌ مَعَ اللَّهِ ۚ قُلْ هَاتُوا بُرْهَانَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
Becik endi brahala karo Pangeran kang miwiti nitahake kabeh kang dumadi, sawise dadi banjur dibalekake kaya maune (sirna) apa dene paring pangan marang sira metu saka bumi lan langit. (saiki kepriye panemunira) Apa ana Pangeran kang ngembari Alah? (mangsa anaha). Menawa pangucapira ana Pangeran kang ngembari Allah iku temen, mara nekakna tandha yekti
قُلْ لَا يَعْلَمُ مَنْ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ الْغَيْبَ إِلَّا اللَّهُ ۚ وَمَا يَشْعُرُونَ أَيَّانَ يُبْعَثُونَ
(Muhammad) sira dhawuha, "Sasisine langit lan bumi iki ora ana kang padha sumurup ing barang kang ghaib (samar - samar) kajaba mung Allah piyambak kang wuningani. Sarta dheweke padha ora sumurup. Besuk kapan anggone padha ditangekake saka ing pati (kubur)
بَلِ ادَّارَكَ عِلْمُهُمْ فِي الْآخِرَةِ ۚ بَلْ هُمْ فِي شَكٍّ مِنْهَا ۖ بَلْ هُمْ مِنْهَا عَمُونَ
Saiki wong kafir padh amamang bakal anane akherat, malah persasat wuta ora sumurup babar pisan (nanging besuk yen wis ana ing akherat, mesthi sumurup)

Choose other languages: