Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #69 Translated in Jawa

قُلْ لَا يَعْلَمُ مَنْ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ الْغَيْبَ إِلَّا اللَّهُ ۚ وَمَا يَشْعُرُونَ أَيَّانَ يُبْعَثُونَ
(Muhammad) sira dhawuha, "Sasisine langit lan bumi iki ora ana kang padha sumurup ing barang kang ghaib (samar - samar) kajaba mung Allah piyambak kang wuningani. Sarta dheweke padha ora sumurup. Besuk kapan anggone padha ditangekake saka ing pati (kubur)
بَلِ ادَّارَكَ عِلْمُهُمْ فِي الْآخِرَةِ ۚ بَلْ هُمْ فِي شَكٍّ مِنْهَا ۖ بَلْ هُمْ مِنْهَا عَمُونَ
Saiki wong kafir padh amamang bakal anane akherat, malah persasat wuta ora sumurup babar pisan (nanging besuk yen wis ana ing akherat, mesthi sumurup)
وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا أَإِذَا كُنَّا تُرَابًا وَآبَاؤُنَا أَئِنَّا لَمُخْرَجُونَ
Wong kafir padha ngucap mengkene, "Besuk yen kita wis padha dadi lemah, apa dene para leluhur kita apa nyata bakal padha urip maneh, metu saka ing pakuburan
لَقَدْ وُعِدْنَا هَٰذَا نَحْنُ وَآبَاؤُنَا مِنْ قَبْلُ إِنْ هَٰذَا إِلَّا أَسَاطِيرُ الْأَوَّلِينَ
Sayekti, temen iki dhek biyen wis dijanjekake marang aku, lan para bapak - bapakku. Ora liwat, mung dedongengane gawe - gawene para wong kuno bae
قُلْ سِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَانْظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُجْرِمِينَ
Muhammad, sira dhawuha, "Menawa sira padha maido, padha anjajaha ing bumi, delenga sakehing patilaan lupiyane wong kuna kang padha dirusak dening Allah, amarga anggone apdha maido para Rasul, kepriye kedadeyane wong kang wangkot maido marang para Rasul

Choose other languages: