Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #60 Translated in Jawa

فَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهِ إِلَّا أَنْ قَالُوا أَخْرِجُوا آلَ لُوطٍ مِنْ قَرْيَتِكُمْ ۖ إِنَّهُمْ أُنَاسٌ يَتَطَهَّرُونَ
Para umate Luth tanpa mangsuli apa - apa, mung ngucap, "Luth sakulawargane padha tundhungen saka ing negara kene. Satemene dheweke iku ngaku - ngaku wong suci
فَأَنْجَيْنَاهُ وَأَهْلَهُ إِلَّا امْرَأَتَهُ قَدَّرْنَاهَا مِنَ الْغَابِرِينَ
Wusana para umate Luth mau Ingsun tumpes. Luth dalah para kulawargane padha Ingsun paringi selamat, mung garwane Ingsun temtokake kari, melu katumpes
وَأَمْطَرْنَا عَلَيْهِمْ مَطَرًا ۖ فَسَاءَ مَطَرُ الْمُنْذَرِينَ
Lan Ingsun nurunake udan watu marang para umate Luth (sabanjure bumine Ingsun walik). Ala temen udane wong kang wis dipepeling nanging padha ora gelem manut
قُلِ الْحَمْدُ لِلَّهِ وَسَلَامٌ عَلَىٰ عِبَادِهِ الَّذِينَ اصْطَفَىٰ ۗ آللَّهُ خَيْرٌ أَمَّا يُشْرِكُونَ
(Muhammad) sira memujiya, "Sedaya pangalembana punika kagunganipun Allah. Lan mugi - mugi Allah paring kawilujengan dhateng para kawulanipun ingkang kapilih". Becik endi Allah lan brahala kang padha dianggo musyrik? (mesthi becik Allah)
أَمَّنْ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَأَنْزَلَ لَكُمْ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَأَنْبَتْنَا بِهِ حَدَائِقَ ذَاتَ بَهْجَةٍ مَا كَانَ لَكُمْ أَنْ تُنْبِتُوا شَجَرَهَا ۗ أَإِلَٰهٌ مَعَ اللَّهِ ۚ بَلْ هُمْ قَوْمٌ يَعْدِلُونَ
Sapa kang nitahake langit lan bumi sarta maringi banyu udan saka ing langit marang sira ? Pangandikane Allah, "Banyu udan mau Ingsun anggo nukulake wit - witan kang asri dineleng. Sira padha ora bisa nukulake kekayoning palemahan mau. (Saiki kepriye panemunira) Apa ana Pangeran kang ngembari Allah?" Saiki wong - wong kafir iku tetep wong kang nyimpang saka agama kang bener

Choose other languages: