Surah An-Naml Ayahs #62 Translated in Jawa
وَأَمْطَرْنَا عَلَيْهِمْ مَطَرًا ۖ فَسَاءَ مَطَرُ الْمُنْذَرِينَ
Lan Ingsun nurunake udan watu marang para umate Luth (sabanjure bumine Ingsun walik). Ala temen udane wong kang wis dipepeling nanging padha ora gelem manut
قُلِ الْحَمْدُ لِلَّهِ وَسَلَامٌ عَلَىٰ عِبَادِهِ الَّذِينَ اصْطَفَىٰ ۗ آللَّهُ خَيْرٌ أَمَّا يُشْرِكُونَ
(Muhammad) sira memujiya, "Sedaya pangalembana punika kagunganipun Allah. Lan mugi - mugi Allah paring kawilujengan dhateng para kawulanipun ingkang kapilih". Becik endi Allah lan brahala kang padha dianggo musyrik? (mesthi becik Allah)
أَمَّنْ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَأَنْزَلَ لَكُمْ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَأَنْبَتْنَا بِهِ حَدَائِقَ ذَاتَ بَهْجَةٍ مَا كَانَ لَكُمْ أَنْ تُنْبِتُوا شَجَرَهَا ۗ أَإِلَٰهٌ مَعَ اللَّهِ ۚ بَلْ هُمْ قَوْمٌ يَعْدِلُونَ
Sapa kang nitahake langit lan bumi sarta maringi banyu udan saka ing langit marang sira ? Pangandikane Allah, "Banyu udan mau Ingsun anggo nukulake wit - witan kang asri dineleng. Sira padha ora bisa nukulake kekayoning palemahan mau. (Saiki kepriye panemunira) Apa ana Pangeran kang ngembari Allah?" Saiki wong - wong kafir iku tetep wong kang nyimpang saka agama kang bener
أَمَّنْ جَعَلَ الْأَرْضَ قَرَارًا وَجَعَلَ خِلَالَهَا أَنْهَارًا وَجَعَلَ لَهَا رَوَاسِيَ وَجَعَلَ بَيْنَ الْبَحْرَيْنِ حَاجِزًا ۗ أَإِلَٰهٌ مَعَ اللَّهِ ۚ بَلْ أَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُونَ
Becik endi brahala karo Pangeran kang ngrata bumi kanggo panggonane manungsa, sarta ngilekake kali - kali ana tengahe bumi mau, dokoki gunung - gunung sarta misahake segara loro, asin lan tawa. (saiki kepriye panemunira), apa ana Pangeran kang ngembari Allah? (mangsa anaha), nanging akhe - akehe wong kafir padha ora sumurup
أَمَّنْ يُجِيبُ الْمُضْطَرَّ إِذَا دَعَاهُ وَيَكْشِفُ السُّوءَ وَيَجْعَلُكُمْ خُلَفَاءَ الْأَرْضِ ۗ أَإِلَٰهٌ مَعَ اللَّهِ ۚ قَلِيلًا مَا تَذَكَّرُونَ
Becik endi brahala karo Pangeran kang nyembadani panyuwune kang nemureribet sesambat ing Allah, lan kuwasa ambengkas reribed mau, apa dene anggenggonake sira ana ing bumi, anggenteni para leluhurira. (Saiki kepriye panemunira), Apa ana Pangean kang ngembari Allah? (mangsa anaha). Nanging sethithik banget wong kang padha eling
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
