Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #66 Translated in Jawa

وَيَجْعَلُونَ لِلَّهِ مَا يَكْرَهُونَ وَتَصِفُ أَلْسِنَتُهُمُ الْكَذِبَ أَنَّ لَهُمُ الْحُسْنَىٰ ۖ لَا جَرَمَ أَنَّ لَهُمُ النَّارَ وَأَنَّهُمْ مُفْرَطُونَ
Lan dhèwèké padha angang- gep ing Allah apa kang awaké dhéwé sengit, sarta lisané padha angandhakaké goroh yèn dhèwèké bakal olèh kang becik; ora kena ora, temen, yèn padha olèh bubuhan geni sarta bakal padha didhisikaké
تَاللَّهِ لَقَدْ أَرْسَلْنَا إِلَىٰ أُمَمٍ مِنْ قَبْلِكَ فَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطَانُ أَعْمَالَهُمْ فَهُوَ وَلِيُّهُمُ الْيَوْمَ وَلَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ
Dhemi Allah, sayekti temen Ingsun wus angutus marang para bangsa-bangsa ing sadurungira, ananging sétan amaès-maèsi panggawé-panggawé- né tumrap dhèwèké; mulané ing saiki si sétan pangayomané, lan bakal padha olèh siksa kang nglarani
وَمَا أَنْزَلْنَا عَلَيْكَ الْكِتَابَ إِلَّا لِتُبَيِّنَ لَهُمُ الَّذِي اخْتَلَفُوا فِيهِ ۙ وَهُدًى وَرَحْمَةً لِقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ
Lan anggon-Ingsun anurun- aké Kitab marang sira, iku ora liya kajaba supaya sira anerangna marang dhèwèké tumrap prakara kang ing kono dhèwèké padha apasulayan, apa déné minangka tuntunan lan wilasa tumrap wong- wong kang padha angèstu
وَاللَّهُ أَنْزَلَ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَأَحْيَا بِهِ الْأَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لِقَوْمٍ يَسْمَعُونَ
Lan Allah iku wus anurunaké banyu saka mendhung, tumuli iku dianggo anguripaké bumi sawisé matiné; sayekti ing kono temen ana tandha tumrap wong-wong kang padha angrungokaké
وَإِنَّ لَكُمْ فِي الْأَنْعَامِ لَعِبْرَةً ۖ نُسْقِيكُمْ مِمَّا فِي بُطُونِهِ مِنْ بَيْنِ فَرْثٍ وَدَمٍ لَبَنًا خَالِصًا سَائِغًا لِلشَّارِبِينَ
Lan sayekti, ing dalem raja- kaya, temen ana wuwulang tumrap ing sira; Ingsun aparing ngombé ing sira saka barang kang ana ing sajroning wetengé – saka ing anta- rané taléthong lan getih – puwan kang resik, gumalenggeng tumrap para wong kang ngombé

Choose other languages: