Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mumenoon Ayahs #27 Translated in Jawa

وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا نُوحًا إِلَىٰ قَوْمِهِ فَقَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُمْ مِنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۖ أَفَلَا تَتَّقُونَ
Lan temen Ingsun wis ngutus Nuh, Ingsun kersakake mulang para kaume. Nuh banjur paring pangandika, "He para Ummatingsun. Sira padha manembaha marang ALlah, jalaran sira kabeh ora duwe pangeran kang wajib disembah kajaba mung Panjenengane piyambak. Apa sira ora padha wedi marang siksane menawa sira manembah saliyane Panjenengane
فَقَالَ الْمَلَأُ الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْ قَوْمِهِ مَا هَٰذَا إِلَّا بَشَرٌ مِثْلُكُمْ يُرِيدُ أَنْ يَتَفَضَّلَ عَلَيْكُمْ وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ لَأَنْزَلَ مَلَائِكَةً مَا سَمِعْنَا بِهَٰذَا فِي آبَائِنَا الْأَوَّلِينَ
Para panggedhene wong kafir saka kaume Nuh banjur celathu mengkene, "Nuh iku apa dudu manungsa kaya aku lan kowe kabeh? Aku teka ora krungu wulangane para leluhur kita, kang kaya wulangane Nuh iku. Dadi tetela Nuh lumaku diarani wong linuwih, ngungkuli aku lan kowe kabeh. Upama Allah iku temen ngersakake Utusan andhawuhi manungsa, mesthi ngutus malaikat, mangsa ngutusa wong kang kaya mengkono
إِنْ هُوَ إِلَّا رَجُلٌ بِهِ جِنَّةٌ فَتَرَبَّصُوا بِهِ حَتَّىٰ حِينٍ
Ora liya panemuku, Nuh iku wong lanang kang owah akale, mula prayoga padha disrantekake bae nganti tekan matine utawa kapriye bakal wekasane
قَالَ رَبِّ انْصُرْنِي بِمَا كَذَّبُونِ
Nuh banjur munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, sarehning para ummat kawula sampun cetha gorohake dhateng kawula, Panjenengan mugi paringpitulungan dhateng kawula
فَأَوْحَيْنَا إِلَيْهِ أَنِ اصْنَعِ الْفُلْكَ بِأَعْيُنِنَا وَوَحْيِنَا فَإِذَا جَاءَ أَمْرُنَا وَفَارَ التَّنُّورُ ۙ فَاسْلُكْ فِيهَا مِنْ كُلٍّ زَوْجَيْنِ اثْنَيْنِ وَأَهْلَكَ إِلَّا مَنْ سَبَقَ عَلَيْهِ الْقَوْلُ مِنْهُمْ ۖ وَلَا تُخَاطِبْنِي فِي الَّذِينَ ظَلَمُوا ۖ إِنَّهُمْ مُغْرَقُونَ
Ingsun banjur paring wahyu marang Nuh, "(Ummat ira iku bakal Ingsun kerem). Saiki sira gaweya perahu, kelawan Ingsun jenengi, mituruta kaya dhawuh Ingsun. Ing tembe manawa ana banyu mumpal - mumpal saka ing pawon, iku tandha yen siksaningsun wiwit nekani. Ingkono sira banjur munggaha ing prahu, dalah keluwarganira kabeh, lan anggawaha wawarnaning kewan sajodo - jodo bakal kanggo wiji, (kajaba rabinira kang kafir sarta anakira kan’an iku wis kabanjur) Ingsun pasti rusak dening kinelem, lan sira aja nyuwunake selamete wong kang padha kafir, kabeh iku wis Ingsun temtokake rumpes dening kinelem

Choose other languages: