Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mulk Ayahs #19 Translated in Jawa

هُوَ الَّذِي جَعَلَ لَكُمُ الْأَرْضَ ذَلُولًا فَامْشُوا فِي مَنَاكِبِهَا وَكُلُوا مِنْ رِزْقِهِ ۖ وَإِلَيْهِ النُّشُورُ
Allah iku kang handadekake bumi iku gampang dianggo mlaku. Sira padha lumaku ana lumahing bumi, lan padha mangana rizkine Allah kang wis dicawisake dening Pangeranira. Ing tembe manungsa padha diadepake ana ngarsane Allah
أَأَمِنْتُمْ مَنْ فِي السَّمَاءِ أَنْ يَخْسِفَ بِكُمُ الْأَرْضَ فَإِذَا هِيَ تَمُورُ
Apa sira nyana yen Allah kang kagungan keraton langit ngersakake sira diuntal bumi? coba delengen bumine arep oreg
أَمْ أَمِنْتُمْ مَنْ فِي السَّمَاءِ أَنْ يُرْسِلَ عَلَيْكُمْ حَاصِبًا ۖ فَسَتَعْلَمُونَ كَيْفَ نَذِيرِ
Apa sira nyana yen Allah kang kagungan kraton langit iku kersa nurunake siksa marang sira? Ing tembe mesthi weruh kaya apa pepeling Ingsun
وَلَقَدْ كَذَّبَ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَكَيْفَ كَانَ نَكِيرِ
Para umat sadurunge wong kafir iku, mbiyen ugo padha maido marang rasule banjur koyo opo, para umat mau padha ingsun turunai siksa
أَوَلَمْ يَرَوْا إِلَى الطَّيْرِ فَوْقَهُمْ صَافَّاتٍ وَيَقْبِضْنَ ۚ مَا يُمْسِكُهُنَّ إِلَّا الرَّحْمَٰنُ ۚ إِنَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ بَصِيرٌ
Apa dheweke (wong kafir) ora handeleng manuk kang sedhela ngegarake suwiwi lan ngingkupake, kang rumeksa manuk ora nganti tiba ora ana maneh kejaba mung Allah kang maha murah. Satemene Allah iku mirsani samu barang

Choose other languages: