Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mulk Ayahs #17 Translated in Jawa

وَأَسِرُّوا قَوْلَكُمْ أَوِ اجْهَرُوا بِهِ ۖ إِنَّهُ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ
Padha kondhoa lirih utawa seru kanggo Allah padha war, awit Allah iku nguningani sakreteking ati
أَلَا يَعْلَمُ مَنْ خَلَقَ وَهُوَ اللَّطِيفُ الْخَبِيرُ
Apa Panjenengane kang nitahake iku ora uninga? Lan Panjenengane ingkang anguningani sabarang kang lembut - lembut, ing kang waspada
هُوَ الَّذِي جَعَلَ لَكُمُ الْأَرْضَ ذَلُولًا فَامْشُوا فِي مَنَاكِبِهَا وَكُلُوا مِنْ رِزْقِهِ ۖ وَإِلَيْهِ النُّشُورُ
Allah iku kang handadekake bumi iku gampang dianggo mlaku. Sira padha lumaku ana lumahing bumi, lan padha mangana rizkine Allah kang wis dicawisake dening Pangeranira. Ing tembe manungsa padha diadepake ana ngarsane Allah
أَأَمِنْتُمْ مَنْ فِي السَّمَاءِ أَنْ يَخْسِفَ بِكُمُ الْأَرْضَ فَإِذَا هِيَ تَمُورُ
Apa sira nyana yen Allah kang kagungan keraton langit ngersakake sira diuntal bumi? coba delengen bumine arep oreg
أَمْ أَمِنْتُمْ مَنْ فِي السَّمَاءِ أَنْ يُرْسِلَ عَلَيْكُمْ حَاصِبًا ۖ فَسَتَعْلَمُونَ كَيْفَ نَذِيرِ
Apa sira nyana yen Allah kang kagungan kraton langit iku kersa nurunake siksa marang sira? Ing tembe mesthi weruh kaya apa pepeling Ingsun

Choose other languages: