Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mujadala Ayahs #10 Translated in Jawa

يَوْمَ يَبْعَثُهُمُ اللَّهُ جَمِيعًا فَيُنَبِّئُهُمْ بِمَا عَمِلُوا ۚ أَحْصَاهُ اللَّهُ وَنَسُوهُ ۚ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ شَهِيدٌ
Yaiku ing dina qiyamat nalikane Allah nguripake wong kang wis padha mati kabeh. Allah banjur jelentrehake lan melehake sarupane laku hala kang wis padha nyulayani Allah. Allah nacahake sarupane laku hala nanging wong kang nyulayani padha lali, Allah iku mirsani samu barang
أَلَمْ تَرَ أَنَّ اللَّهَ يَعْلَمُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۖ مَا يَكُونُ مِنْ نَجْوَىٰ ثَلَاثَةٍ إِلَّا هُوَ رَابِعُهُمْ وَلَا خَمْسَةٍ إِلَّا هُوَ سَادِسُهُمْ وَلَا أَدْنَىٰ مِنْ ذَٰلِكَ وَلَا أَكْثَرَ إِلَّا هُوَ مَعَهُمْ أَيْنَ مَا كَانُوا ۖ ثُمَّ يُنَبِّئُهُمْ بِمَا عَمِلُوا يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۚ إِنَّ اللَّهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ
Apa sira ora deleng yen Allah nguningani isen - isening bumi lan langit, ora ana kang cicir. Saben ana wong telu pating klesik caturan wadi, mesthi papate iku Allah. Mangkono uga menawa kang caturan mau luwih sethithik utawa luwih akeh, Allah mesthi nyenengi ana ing ngendi wae panggonnane. Ing besuk qiyamat Allah jelentrehake prilaku marang kang padha nglakoni. Satemene Allah iku nguningani samu barang
أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ نُهُوا عَنِ النَّجْوَىٰ ثُمَّ يَعُودُونَ لِمَا نُهُوا عَنْهُ وَيَتَنَاجَوْنَ بِالْإِثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَمَعْصِيَتِ الرَّسُولِ وَإِذَا جَاءُوكَ حَيَّوْكَ بِمَا لَمْ يُحَيِّكَ بِهِ اللَّهُ وَيَقُولُونَ فِي أَنْفُسِهِمْ لَوْلَا يُعَذِّبُنَا اللَّهُ بِمَا نَقُولُ ۚ حَسْبُهُمْ جَهَنَّمُ يَصْلَوْنَهَا ۖ فَبِئْسَ الْمَصِيرُ
Apa siro deleng marang wong kang padha dilarang nyatur hala, nanging banjur nglakoni kang wis dilarang mau kang marakake sesatron lan dadi dosa apa dene duroka marang Rosulullah. Menawa dheweke teka marang sira pada ngucap salam nanging ora kaya salame Allah kanggonmu. Sajerone atine ngucap, "Yo gene aggonku ngucap mangkene iki ora diturunake siksa?" Cukup neraka jahannam bakal dileboni wong mau. Hala temen wusanane panggonane bali
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا تَنَاجَيْتُمْ فَلَا تَتَنَاجَوْا بِالْإِثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَمَعْصِيَتِ الرَّسُولِ وَتَنَاجَوْا بِالْبِرِّ وَالتَّقْوَىٰ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي إِلَيْهِ تُحْشَرُونَ
Para mukmin, manawa sira rerasan, aja padha rerasan kang marakake sesatron utawa dadi dosa apa dene duraka marang Utusane, nanging rerasana kang nuntun panggawe becik lan bekti ing Allah. Lan padha bektia ing Allah ing tembe bakal diklumpukake marang pangayunaning Allah
إِنَّمَا النَّجْوَىٰ مِنَ الشَّيْطَانِ لِيَحْزُنَ الَّذِينَ آمَنُوا وَلَيْسَ بِضَارِّهِمْ شَيْئًا إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ ۚ وَعَلَى اللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُونَ
Nyatur ala iku winihe saka syetan, pamrihe supaya wong mukmin padha susaha, nanging ora bisa bebayani marang wong mukmin sethithik wae, kejaba kelawan keparengen Allah. Mulane para wogn mukmin mung padha pasraha ing Allah wae

Choose other languages: