Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mujadala Ayahs #12 Translated in Jawa

أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ نُهُوا عَنِ النَّجْوَىٰ ثُمَّ يَعُودُونَ لِمَا نُهُوا عَنْهُ وَيَتَنَاجَوْنَ بِالْإِثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَمَعْصِيَتِ الرَّسُولِ وَإِذَا جَاءُوكَ حَيَّوْكَ بِمَا لَمْ يُحَيِّكَ بِهِ اللَّهُ وَيَقُولُونَ فِي أَنْفُسِهِمْ لَوْلَا يُعَذِّبُنَا اللَّهُ بِمَا نَقُولُ ۚ حَسْبُهُمْ جَهَنَّمُ يَصْلَوْنَهَا ۖ فَبِئْسَ الْمَصِيرُ
Apa siro deleng marang wong kang padha dilarang nyatur hala, nanging banjur nglakoni kang wis dilarang mau kang marakake sesatron lan dadi dosa apa dene duroka marang Rosulullah. Menawa dheweke teka marang sira pada ngucap salam nanging ora kaya salame Allah kanggonmu. Sajerone atine ngucap, "Yo gene aggonku ngucap mangkene iki ora diturunake siksa?" Cukup neraka jahannam bakal dileboni wong mau. Hala temen wusanane panggonane bali
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا تَنَاجَيْتُمْ فَلَا تَتَنَاجَوْا بِالْإِثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَمَعْصِيَتِ الرَّسُولِ وَتَنَاجَوْا بِالْبِرِّ وَالتَّقْوَىٰ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي إِلَيْهِ تُحْشَرُونَ
Para mukmin, manawa sira rerasan, aja padha rerasan kang marakake sesatron utawa dadi dosa apa dene duraka marang Utusane, nanging rerasana kang nuntun panggawe becik lan bekti ing Allah. Lan padha bektia ing Allah ing tembe bakal diklumpukake marang pangayunaning Allah
إِنَّمَا النَّجْوَىٰ مِنَ الشَّيْطَانِ لِيَحْزُنَ الَّذِينَ آمَنُوا وَلَيْسَ بِضَارِّهِمْ شَيْئًا إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ ۚ وَعَلَى اللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُونَ
Nyatur ala iku winihe saka syetan, pamrihe supaya wong mukmin padha susaha, nanging ora bisa bebayani marang wong mukmin sethithik wae, kejaba kelawan keparengen Allah. Mulane para wogn mukmin mung padha pasraha ing Allah wae
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا قِيلَ لَكُمْ تَفَسَّحُوا فِي الْمَجَالِسِ فَافْسَحُوا يَفْسَحِ اللَّهُ لَكُمْ ۖ وَإِذَا قِيلَ انْشُزُوا فَانْشُزُوا يَرْفَعِ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ
Para wong mukmin, Manawa ana ing majlis (palinggihan) ditanduki tembung, "Mingsera aku jaluk enggon", sira enggal mingsera. Allah bakal maringi panggonan jembar marang sira ana ing suwarga. Dene yen ditanduke tembung, "Ngadeko, aku jaluk enggon", hiyo enggal ngadeka. Allah bakal junjung para wong mukmin sarta junjung derajate wong kang padha sinahu kaweruh. Allah iku waspada, marang samu barang kang padha sira lakoni
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا نَاجَيْتُمُ الرَّسُولَ فَقَدِّمُوا بَيْنَ يَدَيْ نَجْوَاكُمْ صَدَقَةً ۚ ذَٰلِكَ خَيْرٌ لَكُمْ وَأَطْهَرُ ۚ فَإِنْ لَمْ تَجِدُوا فَإِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Para wong mukmin. Menawa padha matur marang Rosulullah sadurunge matur nyadiakna shidqah dhisik, iku becik banget tumrap sira lan ngresikake dosanira. Manawa sira ora duwe (barang kang digawe sidqah) hiya wis. Sateme Allah Maha ngapura lan Maha Asih

Choose other languages: