Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mujadala Ayahs #16 Translated in Jawa

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا نَاجَيْتُمُ الرَّسُولَ فَقَدِّمُوا بَيْنَ يَدَيْ نَجْوَاكُمْ صَدَقَةً ۚ ذَٰلِكَ خَيْرٌ لَكُمْ وَأَطْهَرُ ۚ فَإِنْ لَمْ تَجِدُوا فَإِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Para wong mukmin. Menawa padha matur marang Rosulullah sadurunge matur nyadiakna shidqah dhisik, iku becik banget tumrap sira lan ngresikake dosanira. Manawa sira ora duwe (barang kang digawe sidqah) hiya wis. Sateme Allah Maha ngapura lan Maha Asih
أَأَشْفَقْتُمْ أَنْ تُقَدِّمُوا بَيْنَ يَدَيْ نَجْوَاكُمْ صَدَقَاتٍ ۚ فَإِذْ لَمْ تَفْعَلُوا وَتَابَ اللَّهُ عَلَيْكُمْ فَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَآتُوا الزَّكَاةَ وَأَطِيعُوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ ۚ وَاللَّهُ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
Apa sira wedi (dadi mlarat) nyedhiakake shodaqoh sadurunge matur ing Rasulullah? Menawa sira lakoni kang mangka Allah wis ngapura banjur susulana nglakoni shalat lan bayar zakat apadene padha manut mituruta dhawuhing Allah lan parentahe Rosulullah. Allah iku waspada marang samu barang kang pada sira lakoni
أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ تَوَلَّوْا قَوْمًا غَضِبَ اللَّهُ عَلَيْهِمْ مَا هُمْ مِنْكُمْ وَلَا مِنْهُمْ وَيَحْلِفُونَ عَلَى الْكَذِبِ وَهُمْ يَعْلَمُونَ
Apa sira ora deleng wong lamis kang padha mlengos kang kena benduning Allah, dadi kancane? wong - wong mau dudu saka golonganmu, lan uga dudu golongane dheweke. Wani supata goroh ngaku manut agamanira, tur weruh yen supatane goroh
أَعَدَّ اللَّهُ لَهُمْ عَذَابًا شَدِيدًا ۖ إِنَّهُمْ سَاءَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Allah ngancam siksa kang abot marang wong lamis mau, hala temen barang kang dilakoni
اتَّخَذُوا أَيْمَانَهُمْ جُنَّةً فَصَدُّوا عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ فَلَهُمْ عَذَابٌ مُهِينٌ
Anggone supata mau kanggo ngaling - ngalingi, tumuli dheweke ngalang - ngalangi (manungsa) saka pituduhe Allah mulane dheweke ing tembe mesthi dipatrapi siksa kang ngremehake

Choose other languages: