Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #53 Translated in Jawa

وَأَنِ احْكُمْ بَيْنَهُمْ بِمَا أَنْزَلَ اللَّهُ وَلَا تَتَّبِعْ أَهْوَاءَهُمْ وَاحْذَرْهُمْ أَنْ يَفْتِنُوكَ عَنْ بَعْضِ مَا أَنْزَلَ اللَّهُ إِلَيْكَ ۖ فَإِنْ تَوَلَّوْا فَاعْلَمْ أَنَّمَا يُرِيدُ اللَّهُ أَنْ يُصِيبَهُمْ بِبَعْضِ ذُنُوبِهِمْ ۗ وَإِنَّ كَثِيرًا مِنَ النَّاسِ لَفَاسِقُونَ
Lan supaya sira ambebene- rana dhèwèké kalawan apa kang kadhawuhaké déning Allah, lan aja manut pépénginané kang asor, sarta sira diprayitna marang dhè- wèké, manawa padha amaéka ing sira saka sapérangané apa kang kadha- wuhaké déning Allah marang sira; ananging manawa dhèwèké padha mléngos, lah weruha sira, manawa Allah karsa angenani patrapan dhè- wèké, amarga saka sawenèhing kaluputané; lan sayekti, kèh- kèhaning manusa iku padha murang yekti
أَفَحُكْمَ الْجَاهِلِيَّةِ يَبْغُونَ ۚ وَمَنْ أَحْسَنُ مِنَ اللَّهِ حُكْمًا لِقَوْمٍ يُوقِنُونَ
Lah apa ta bebenerané kabodhoan kang padha dikarepaké? Lan sapa ta juru- ambeneri kang luwih becik tinimbang Allah, tumrapé wong kang padha yakin
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَتَّخِذُوا الْيَهُودَ وَالنَّصَارَىٰ أَوْلِيَاءَ ۘ بَعْضُهُمْ أَوْلِيَاءُ بَعْضٍ ۚ وَمَنْ يَتَوَلَّهُمْ مِنْكُمْ فَإِنَّهُ مِنْهُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الظَّالِمِينَ
É, para kang padha angèstu, aja sira padha angalap mitra para Yahudi lan para Nasrani;a kang sawenèh iku mitrané sawenèhé, lan sapa sira sing amimitran karo dhèwèké, lah sayekti iya golo- ngané; sayekti Allah iku ora anuntun para wong kang padha atindak dudu
فَتَرَى الَّذِينَ فِي قُلُوبِهِمْ مَرَضٌ يُسَارِعُونَ فِيهِمْ يَقُولُونَ نَخْشَىٰ أَنْ تُصِيبَنَا دَائِرَةٌ ۚ فَعَسَى اللَّهُ أَنْ يَأْتِيَ بِالْفَتْحِ أَوْ أَمْرٍ مِنْ عِنْدِهِ فَيُصْبِحُوا عَلَىٰ مَا أَسَرُّوا فِي أَنْفُسِهِمْ نَادِمِينَ
Mulané sira weruh para kang ing jeroning ati-atiné padha isi lalara, padha gagancangan ang- golong dhèwèké, calathuné: Aku padha kuwatir yèn babaya angenani aku kabèh; ananging manawa-manawa Allah bakal ama- ringaké kamenangan utawa pidana saka ing ngarsa-Né, satemah dhèwèké bakal padha kaduwung, amarga saka anggoné padha an- dhelikaké barang ana ing jiwané
وَيَقُولُ الَّذِينَ آمَنُوا أَهَٰؤُلَاءِ الَّذِينَ أَقْسَمُوا بِاللَّهِ جَهْدَ أَيْمَانِهِمْ ۙ إِنَّهُمْ لَمَعَكُمْ ۚ حَبِطَتْ أَعْمَالُهُمْ فَأَصْبَحُوا خَاسِرِينَ
Lan para kang padha angèstu bakal padha calathu: Apa iki para kang padha supata kanthi Allah kalawan man- thenging supatané, yèn dhèwèké sayekti temen-temen réwangira? Muspra sakèh panggawéné, mula- né padha dadi wong kang padha kapitunan

Choose other languages: