Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #39 Translated in Jawa

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَابْتَغُوا إِلَيْهِ الْوَسِيلَةَ وَجَاهِدُوا فِي سَبِيلِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
É, para kang padha angèstu! Padha di bekti ing Allah sarta angupayaa lantaran kang marekaké marang Panjenengané tuwin padha nyrempenga ing dadalan-É, supaya sira padha begja
إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوْ أَنَّ لَهُمْ مَا فِي الْأَرْضِ جَمِيعًا وَمِثْلَهُ مَعَهُ لِيَفْتَدُوا بِهِ مِنْ عَذَابِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ مَا تُقُبِّلَ مِنْهُمْ ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ
Sayekti para kang padha kafir, sanajan ta padha andar- bénana sabarang kang ana ing bumi kabèh, sarta samono engkas, iku padha dienggoa nebusi siksa ing dina kiyamat: ora bakal padha kinabulaké, lan bakal padha olèh siksa kang nglarani
يُرِيدُونَ أَنْ يَخْرُجُوا مِنَ النَّارِ وَمَا هُمْ بِخَارِجِينَ مِنْهَا ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ مُقِيمٌ
Padha sumedya arep metu saka ing geni, lan ora pisan padha bisa metu saka ing kono, lan bakal padha olèh siksa kang awèt
وَالسَّارِقُ وَالسَّارِقَةُ فَاقْطَعُوا أَيْدِيَهُمَا جَزَاءً بِمَا كَسَبَا نَكَالًا مِنَ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
Lan maling lanang lan maling wadon, lah padha ke- thoken tangané, minangka pidana apa panggawéné sakaroné, siksa minangka pangilon saka ing Allah; lan Allah iku Minulya, Wicak- sana
فَمَنْ تَابَ مِنْ بَعْدِ ظُلْمِهِ وَأَصْلَحَ فَإِنَّ اللَّهَ يَتُوبُ عَلَيْهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Ananging sapa sing tobat ing sawisé tindaké dudu lan ambe- cikaké kalakuané, lah sayekti Allah iku wangsul marang dhèwèké; sayekti Allah iku Apara- marta, Mahaasih

Choose other languages: