Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #41 Translated in Jawa

يُرِيدُونَ أَنْ يَخْرُجُوا مِنَ النَّارِ وَمَا هُمْ بِخَارِجِينَ مِنْهَا ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ مُقِيمٌ
Padha sumedya arep metu saka ing geni, lan ora pisan padha bisa metu saka ing kono, lan bakal padha olèh siksa kang awèt
وَالسَّارِقُ وَالسَّارِقَةُ فَاقْطَعُوا أَيْدِيَهُمَا جَزَاءً بِمَا كَسَبَا نَكَالًا مِنَ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
Lan maling lanang lan maling wadon, lah padha ke- thoken tangané, minangka pidana apa panggawéné sakaroné, siksa minangka pangilon saka ing Allah; lan Allah iku Minulya, Wicak- sana
فَمَنْ تَابَ مِنْ بَعْدِ ظُلْمِهِ وَأَصْلَحَ فَإِنَّ اللَّهَ يَتُوبُ عَلَيْهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Ananging sapa sing tobat ing sawisé tindaké dudu lan ambe- cikaké kalakuané, lah sayekti Allah iku wangsul marang dhèwèké; sayekti Allah iku Apara- marta, Mahaasih
أَلَمْ تَعْلَمْ أَنَّ اللَّهَ لَهُ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ يُعَذِّبُ مَنْ يَشَاءُ وَيَغْفِرُ لِمَنْ يَشَاءُ ۗ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Apa sira ora weruh, yèn Allah iku Ingkang-kagungan karatoning langit-langit lan bumi; Panjene- ngané aniksa sapa sing dadi karsa- Né lan angapura marang sapa sing dadi karsa-Né; lan Allah iku ma- rang samubarang kawasa
يَا أَيُّهَا الرَّسُولُ لَا يَحْزُنْكَ الَّذِينَ يُسَارِعُونَ فِي الْكُفْرِ مِنَ الَّذِينَ قَالُوا آمَنَّا بِأَفْوَاهِهِمْ وَلَمْ تُؤْمِنْ قُلُوبُهُمْ ۛ وَمِنَ الَّذِينَ هَادُوا ۛ سَمَّاعُونَ لِلْكَذِبِ سَمَّاعُونَ لِقَوْمٍ آخَرِينَ لَمْ يَأْتُوكَ ۖ يُحَرِّفُونَ الْكَلِمَ مِنْ بَعْدِ مَوَاضِعِهِ ۖ يَقُولُونَ إِنْ أُوتِيتُمْ هَٰذَا فَخُذُوهُ وَإِنْ لَمْ تُؤْتَوْهُ فَاحْذَرُوا ۚ وَمَنْ يُرِدِ اللَّهُ فِتْنَتَهُ فَلَنْ تَمْلِكَ لَهُ مِنَ اللَّهِ شَيْئًا ۚ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ لَمْ يُرِدِ اللَّهُ أَنْ يُطَهِّرَ قُلُوبَهُمْ ۚ لَهُمْ فِي الدُّنْيَا خِزْيٌ ۖ وَلَهُمْ فِي الْآخِرَةِ عَذَابٌ عَظِيمٌ
É, Utusan! Aja nganti para kang padha babalapan marang ing kakafiran iku anusahaké marang sira, yaiku panunggalané para kang cangkem-cangkemé padha muni: Kula punika sami angèstu, ana- nging atiné padha ora angèstu, sar- ta panunggalané para kang padha Yahudi; dhèwèké padha tukang ngrungokaké kanggo preluning doracara, tukang ngru- ngokaké kanggo perluning wong- wong liya, kang ora tumeka marang sira; dhèwèké padha angowahi tembung ing sawisé panggonané,a calathuné: Yèn iki diwenèhaké marang kowé, ya tampanana, lan manawa iku ora diwènèhaké marang kowé, lah dingati-ati; sapa sing dikarsakaké déning Allah pinaringan coba, lah ora bisa sira nguwasani dhèwèké sathithik-thithika mungguhing Allah. Iki para kang Allah ora angarsakaké anucèni ati-atiné; ana ing donya bakal padha olèh asor, lan ana ing akhirat bakal padha olèh siksa kang gedhé

Choose other languages: