Surah Al-Maeda Ayahs #5 Translated in Jawa
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا أَوْفُوا بِالْعُقُودِ ۚ أُحِلَّتْ لَكُمْ بَهِيمَةُ الْأَنْعَامِ إِلَّا مَا يُتْلَىٰ عَلَيْكُمْ غَيْرَ مُحِلِّي الصَّيْدِ وَأَنْتُمْ حُرُمٌ ۗ إِنَّ اللَّهَ يَحْكُمُ مَا يُرِيدُ
É, para kang padha angèstu! Padha nuhonana ing prajanjian. Rajakaya iku dikenakaké tumrap ing sira, kajaba apa kang kawa- cakaké marang sira, ora nerak larangan tumrap buron alas nalika sira lagi pinuju anglakoni haji; sayekti Allah iku anganggeri sabarang karsa-Né
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تُحِلُّوا شَعَائِرَ اللَّهِ وَلَا الشَّهْرَ الْحَرَامَ وَلَا الْهَدْيَ وَلَا الْقَلَائِدَ وَلَا آمِّينَ الْبَيْتَ الْحَرَامَ يَبْتَغُونَ فَضْلًا مِنْ رَبِّهِمْ وَرِضْوَانًا ۚ وَإِذَا حَلَلْتُمْ فَاصْطَادُوا ۚ وَلَا يَجْرِمَنَّكُمْ شَنَآنُ قَوْمٍ أَنْ صَدُّوكُمْ عَنِ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ أَنْ تَعْتَدُوا ۘ وَتَعَاوَنُوا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوَىٰ ۖ وَلَا تَعَاوَنُوا عَلَى الْإِثْمِ وَالْعُدْوَانِ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۖ إِنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ
É, para kang padha angèstu! Aja sira padha anerak tandha- tandha kang katetepaké déning Allah, mangkono uga sasi suci, lan aja pisungsung, apa déné babanten kang linungsir- lungsir tuwin aja para kang arep menyang Pada- leman Suci angupaya lubèring kadarman sarta pirena saka Pangérané; lan manawa sira wis padha luwar saka ing kawajiban- kawajibané anglakoni haji, lah padha ambuburua, lan aja nganti panggethingé sawijining golongan – déning anggoné padha angalang- alangi sira lumebu ing Masjid suci – iku marakaké sira padha ang- liwati wates, sarta padha tulung- tinulunga ing tindak utama sarta tindak bekti tuwin aja tulung- tinulung ing tindak dosa lan panerak; lan padha di bekti ing Allah, sayekti Allah iku abanget ing pamales
حُرِّمَتْ عَلَيْكُمُ الْمَيْتَةُ وَالدَّمُ وَلَحْمُ الْخِنْزِيرِ وَمَا أُهِلَّ لِغَيْرِ اللَّهِ بِهِ وَالْمُنْخَنِقَةُ وَالْمَوْقُوذَةُ وَالْمُتَرَدِّيَةُ وَالنَّطِيحَةُ وَمَا أَكَلَ السَّبُعُ إِلَّا مَا ذَكَّيْتُمْ وَمَا ذُبِحَ عَلَى النُّصُبِ وَأَنْ تَسْتَقْسِمُوا بِالْأَزْلَامِ ۚ ذَٰلِكُمْ فِسْقٌ ۗ الْيَوْمَ يَئِسَ الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْ دِينِكُمْ فَلَا تَخْشَوْهُمْ وَاخْشَوْنِ ۚ الْيَوْمَ أَكْمَلْتُ لَكُمْ دِينَكُمْ وَأَتْمَمْتُ عَلَيْكُمْ نِعْمَتِي وَرَضِيتُ لَكُمُ الْإِسْلَامَ دِينًا ۚ فَمَنِ اضْطُرَّ فِي مَخْمَصَةٍ غَيْرَ مُتَجَانِفٍ لِإِثْمٍ ۙ فَإِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Dilarangi ingatasé sira: ba- thang, lan getih, lan daging cèlèng sarta apa kang kala- wan anebut karana saliyané Allah, lan kang sarana dijiret, lan kang sarana dibandhem sarta kang jalaran kaglundhung, tuwin kang jalaran disundhang, apa déné kang dimangsa ing sato galak, kajaba kang katututan sira belèh, sarta apa kang dibelèh ing watu kinur- banaké brahala lan apa kang sira bagé sarana panah , iki sawijining panerak. Ing dina iki para kang padha kafir cabar pangajapé marang agamanira, mulané aja padha wedi marang dhèwèké lan wedia marang Ingsun. Ing dina iki wus Ingsun sampur- nakaké tumrapé sira agamanira lan Ingsun ganepaké ingatasé sira nu- graha-Ningsun sarta Ingsun amilih- aké sira Islam minangka agama; ananging sapa sing kapeksa déning luwé, ora jaragan tumiyung marang dosa, lah sayekti Allah iku Apara- marta, Mahaasih
يَسْأَلُونَكَ مَاذَا أُحِلَّ لَهُمْ ۖ قُلْ أُحِلَّ لَكُمُ الطَّيِّبَاتُ ۙ وَمَا عَلَّمْتُمْ مِنَ الْجَوَارِحِ مُكَلِّبِينَ تُعَلِّمُونَهُنَّ مِمَّا عَلَّمَكُمُ اللَّهُ ۖ فَكُلُوا مِمَّا أَمْسَكْنَ عَلَيْكُمْ وَاذْكُرُوا اسْمَ اللَّهِ عَلَيْهِ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ سَرِيعُ الْحِسَابِ
Wong-wong padha takon ma- rang sira, apa kang dikenakaké tumrap dhèwèké. Dhawuha: Di- kenakaké tumrap sira barang kang angresepaké, lan apa kang wis koajaraké ing kéwan galak lan manuk galak, kalawan dilalantih ambededhag – padha sira ajar apa pamulangé Allah marang sira – lah padha sira pangana olèhé nyekelaké sira iku, sarta ingatasé prakara iku anyebuta asmaning Allah; lan padha di bekti ing Allah; sayekti Allah iku rikat ing pangétung
الْيَوْمَ أُحِلَّ لَكُمُ الطَّيِّبَاتُ ۖ وَطَعَامُ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ حِلٌّ لَكُمْ وَطَعَامُكُمْ حِلٌّ لَهُمْ ۖ وَالْمُحْصَنَاتُ مِنَ الْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُحْصَنَاتُ مِنَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ مِنْ قَبْلِكُمْ إِذَا آتَيْتُمُوهُنَّ أُجُورَهُنَّ مُحْصِنِينَ غَيْرَ مُسَافِحِينَ وَلَا مُتَّخِذِي أَخْدَانٍ ۗ وَمَنْ يَكْفُرْ بِالْإِيمَانِ فَقَدْ حَبِطَ عَمَلُهُ وَهُوَ فِي الْآخِرَةِ مِنَ الْخَاسِرِينَ
Ing dina iki dikenakaké tumrap ing sira sabarang kang ngresepaké, sarta pangané para kang padha kaparingan Kitab iku kena tumrap ing sira lan panganira kena tumrap dhèwèké; lan para wong wadon mukmin kang kerek- sa sarta para wong wadon kereksa golongané para kang padha kaparingan Kitab ing sadurung- ira , manawa sira bayar mas-kawiné, asosomahan, dudu alaku bandrèk sarta ora alaku bedhang dhedhe- likan; lan sapa sing angemohi iman, lah temen panggawéné muspra, lan ana ing akhirat kagolong wong kang padha kapitunan
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
