Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #8 Translated in Jawa

5:4
يَسْأَلُونَكَ مَاذَا أُحِلَّ لَهُمْ ۖ قُلْ أُحِلَّ لَكُمُ الطَّيِّبَاتُ ۙ وَمَا عَلَّمْتُمْ مِنَ الْجَوَارِحِ مُكَلِّبِينَ تُعَلِّمُونَهُنَّ مِمَّا عَلَّمَكُمُ اللَّهُ ۖ فَكُلُوا مِمَّا أَمْسَكْنَ عَلَيْكُمْ وَاذْكُرُوا اسْمَ اللَّهِ عَلَيْهِ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ سَرِيعُ الْحِسَابِ
Wong-wong padha takon ma- rang sira, apa kang dikenakaké tumrap dhèwèké. Dhawuha: Di- kenakaké tumrap sira barang kang angresepaké, lan apa kang wis koajaraké ing kéwan galak lan manuk galak, kalawan dilalantih ambededhag – padha sira ajar apa pamulangé Allah marang sira – lah padha sira pangana olèhé nyekelaké sira iku, sarta ingatasé prakara iku anyebuta asmaning Allah; lan padha di bekti ing Allah; sayekti Allah iku rikat ing pangétung
5:5
الْيَوْمَ أُحِلَّ لَكُمُ الطَّيِّبَاتُ ۖ وَطَعَامُ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ حِلٌّ لَكُمْ وَطَعَامُكُمْ حِلٌّ لَهُمْ ۖ وَالْمُحْصَنَاتُ مِنَ الْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُحْصَنَاتُ مِنَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ مِنْ قَبْلِكُمْ إِذَا آتَيْتُمُوهُنَّ أُجُورَهُنَّ مُحْصِنِينَ غَيْرَ مُسَافِحِينَ وَلَا مُتَّخِذِي أَخْدَانٍ ۗ وَمَنْ يَكْفُرْ بِالْإِيمَانِ فَقَدْ حَبِطَ عَمَلُهُ وَهُوَ فِي الْآخِرَةِ مِنَ الْخَاسِرِينَ
Ing dina iki dikenakaké tumrap ing sira sabarang kang ngresepaké, sarta pangané para kang padha kaparingan Kitab iku kena tumrap ing sira lan panganira kena tumrap dhèwèké; lan para wong wadon mukmin kang kerek- sa sarta para wong wadon kereksa golongané para kang padha kaparingan Kitab ing sadurung- ira , manawa sira bayar mas-kawiné, asosomahan, dudu alaku bandrèk sarta ora alaku bedhang dhedhe- likan; lan sapa sing angemohi iman, lah temen panggawéné muspra, lan ana ing akhirat kagolong wong kang padha kapitunan
5:6
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا قُمْتُمْ إِلَى الصَّلَاةِ فَاغْسِلُوا وُجُوهَكُمْ وَأَيْدِيَكُمْ إِلَى الْمَرَافِقِ وَامْسَحُوا بِرُءُوسِكُمْ وَأَرْجُلَكُمْ إِلَى الْكَعْبَيْنِ ۚ وَإِنْ كُنْتُمْ جُنُبًا فَاطَّهَّرُوا ۚ وَإِنْ كُنْتُمْ مَرْضَىٰ أَوْ عَلَىٰ سَفَرٍ أَوْ جَاءَ أَحَدٌ مِنْكُمْ مِنَ الْغَائِطِ أَوْ لَامَسْتُمُ النِّسَاءَ فَلَمْ تَجِدُوا مَاءً فَتَيَمَّمُوا صَعِيدًا طَيِّبًا فَامْسَحُوا بِوُجُوهِكُمْ وَأَيْدِيكُمْ مِنْهُ ۚ مَا يُرِيدُ اللَّهُ لِيَجْعَلَ عَلَيْكُمْ مِنْ حَرَجٍ وَلَٰكِنْ يُرِيدُ لِيُطَهِّرَكُمْ وَلِيُتِمَّ نِعْمَتَهُ عَلَيْكُمْ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ
É, para kang padha angèstu! Manawa sira padha ngadeg arep salat, padha angumbaha rai-rainira lan tangan-tanganira tumeka sikut lan angusapa sirah-sirahira sarta sikil-sikilira tumeka polok; lan manawa sira pinuju katetep wajib adus grujuga lah padha susucia; lan manawa sira pinuju lara utawa lulungan, utawa salah sawijinira mentas teka saka ing jumbleng, utawa sira mentas anggrayang wong wadon,b mangka sira padha ora bisa éntuk banyu, lah padha anganggoa lebu kang suci, banjur iku padha usapna ing rai-rainira lan tangan-tanganira;c Allah ora ngar- sakaké agawé kangèlan tumrap marang sira, ananging angarsakaké supaya sira padha sucia lan supaya ganep nugraha-Né marang sira, supaya sira padha syukur
5:7
وَاذْكُرُوا نِعْمَةَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ وَمِيثَاقَهُ الَّذِي وَاثَقَكُمْ بِهِ إِذْ قُلْتُمْ سَمِعْنَا وَأَطَعْنَا ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ
Lan padha diagem élinga nugrahaning Allah marang sira sarta padha prajanjian-É kang Diagem uger-ugerira, nalikané sira padha matur: Kawula sampun sami mireng saha kawula sami amba- ngun-turut; lan padha di bekti ing Allah; sayekti Allah iku anguni- ngani saisining ati
5:8
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُونُوا قَوَّامِينَ لِلَّهِ شُهَدَاءَ بِالْقِسْطِ ۖ وَلَا يَجْرِمَنَّكُمْ شَنَآنُ قَوْمٍ عَلَىٰ أَلَّا تَعْدِلُوا ۚ اعْدِلُوا هُوَ أَقْرَبُ لِلتَّقْوَىٰ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
É, para kang padha angèstu! Di padha jejeg maring Allah, apasaksi kalawan tulus,d lan pang- gethingé sawijining golongan iku aja nganti anjalari sira padha atindak ora adil;e padha atindaka adil, iku luwih parek marang bekti; lan padha di bekti ing Allah; sayekti Allah iku Waspada marang apa kang padha sira lakoni

Choose other languages: