Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Kahf Ayahs #21 Translated in Jawa

وَتَرَى الشَّمْسَ إِذَا طَلَعَتْ تَزَاوَرُ عَنْ كَهْفِهِمْ ذَاتَ الْيَمِينِ وَإِذَا غَرَبَتْ تَقْرِضُهُمْ ذَاتَ الشِّمَالِ وَهُمْ فِي فَجْوَةٍ مِنْهُ ۚ ذَٰلِكَ مِنْ آيَاتِ اللَّهِ ۗ مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَهُوَ الْمُهْتَدِ ۖ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًّا مُرْشِدًا
Lan sira sumurup srengenge menawa mlethek, miring saka guwane ing sisih tengen, lan menawa surup ninggalake wong - wong mau ing sisih kiwa (isuk sore ora kesorotan srengenge). Ing mangka wong - wong mau ana ing panggonan kang amba. kang mengkono iku sanehe tandha yekti kekuwasaaning Allah. Sing sapa diparingi pitedah dening Allah, yekti dheweke iku pikantuk pitedah, lan sing sapa disasarake, yekti sira ora bisa pikantuk pitulung kang paring pitedah
وَتَحْسَبُهُمْ أَيْقَاظًا وَهُمْ رُقُودٌ ۚ وَنُقَلِّبُهُمْ ذَاتَ الْيَمِينِ وَذَاتَ الشِّمَالِ ۖ وَكَلْبُهُمْ بَاسِطٌ ذِرَاعَيْهِ بِالْوَصِيدِ ۚ لَوِ اطَّلَعْتَ عَلَيْهِمْ لَوَلَّيْتَ مِنْهُمْ فِرَارًا وَلَمُلِئْتَ مِنْهُمْ رُعْبًا
Lan sira ngira, yen Ashabul Kahfi mau padha melek, nanging sejatinye dheweke iku padha turu, lan maneh (ing dalem setahun sepisan) Ashabul Kahfi mau padha Ingsun walik (gelebak--ake) alihan ngiwa lan nengen, dene asune ngegarake tangane ana ing sangarape guwa. Upama sira ndeleng wong - wong Ashabul Kahfi mau, sira yekti padha giris lumayulan yekti sira wedi temenan marang dheweke
وَكَذَٰلِكَ بَعَثْنَاهُمْ لِيَتَسَاءَلُوا بَيْنَهُمْ ۚ قَالَ قَائِلٌ مِنْهُمْ كَمْ لَبِثْتُمْ ۖ قَالُوا لَبِثْنَا يَوْمًا أَوْ بَعْضَ يَوْمٍ ۚ قَالُوا رَبُّكُمْ أَعْلَمُ بِمَا لَبِثْتُمْ فَابْعَثُوا أَحَدَكُمْ بِوَرِقِكُمْ هَٰذِهِ إِلَى الْمَدِينَةِ فَلْيَنْظُرْ أَيُّهَا أَزْكَىٰ طَعَامًا فَلْيَأْتِكُمْ بِرِزْقٍ مِنْهُ وَلْيَتَلَطَّفْ وَلَا يُشْعِرَنَّ بِكُمْ أَحَدًا
Lan kaya mengkono uga sawise Ingsun nurokake para Ashabul Kahfi, banjur Ingsun tangekake, supaya padha tekon tinakon marang kancane. Saweneh para Ashabul Kahfi mau sawise pada tangi banjur ana kang takon marang kancane, "Sapira suwne sira manggon ana ing guwa iki?", wangsulane sing ditakoni, "Aku manggon ana ing kene sedina utawa setengah dina". Wusanawong - wong mau padha mufakat ngucap, "Pangeranira kang luwih ngudaneni sapira suwene sira manggon ana ing kene". Saiki sira kongkona salah sawijining kancanira anggawa dhuwit salaka menyeng kutho golek pangan endi kang luwih resik, nuli dheweke gawa rejeki marang sira saka panggonan mau, lan dheweke ana ing dalan sarta ing negara mau, kudu andhap asor, lan poma dipoma aja ana wongkang mengerti ing sira
إِنَّهُمْ إِنْ يَظْهَرُوا عَلَيْكُمْ يَرْجُمُوكُمْ أَوْ يُعِيدُوكُمْ فِي مِلَّتِهِمْ وَلَنْ تُفْلِحُوا إِذًا أَبَدًا
Jalaran yen dheweke nganti padha weruh ing sira, yekti sira bakal diranjam utawa mbalekake sira marang agamane. Dene menawa sira kongsi bali marang agamane (kafi), yekti selawase sira ora bakal pikantuk kabegjan
وَكَذَٰلِكَ أَعْثَرْنَا عَلَيْهِمْ لِيَعْلَمُوا أَنَّ وَعْدَ اللَّهِ حَقٌّ وَأَنَّ السَّاعَةَ لَا رَيْبَ فِيهَا إِذْ يَتَنَازَعُونَ بَيْنَهُمْ أَمْرَهُمْ ۖ فَقَالُوا ابْنُوا عَلَيْهِمْ بُنْيَانًا ۖ رَبُّهُمْ أَعْلَمُ بِهِمْ ۚ قَالَ الَّذِينَ غَلَبُوا عَلَىٰ أَمْرِهِمْ لَنَتَّخِذَنَّ عَلَيْهِمْ مَسْجِدًا
Mengkono uga Ingsun ngatonake kahanane wong - wong Ashabul Kahfi iku marang wong - wong mau, supaya wongkang padha durung percaya bakal tangine wong mati ing dina Qiyamat, pada sumurup yen tangine wong mati ing dina qiyamat kang wis didawuhake dening Allah iku ing tembe bakal kaleksanan, apa dene tekane dina Qiyamat iku wis ora perlu dimamang-mamangi maneh mesthi bakal kelakone. Nalika semana wong - wong ing mau lagi rame padha pasulayan perkara kang bakal tangine wong kang wis mati, banjur katungka pasulayan bab kahanane Ashabul Kahfi. Bareng ora bisa rampung dening panemuning wong - wong akeh banjur padha ngucap, "Sira padha ngedhegna gedung ana ing lawanging guwa. Pangerane wong - wong mau (Ashabul Kahfi) luwih ngudaneni kahanane dheweke". Wong - wong kang padha ngalahake perkarane padha ngucap, "Yekti ing lawange guwa iku tak bangun Masjid

Choose other languages: