Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #12 Translated in Jawa

عَسَىٰ رَبُّكُمْ أَنْ يَرْحَمَكُمْ ۚ وَإِنْ عُدْتُمْ عُدْنَا ۘ وَجَعَلْنَا جَهَنَّمَ لِلْكَافِرِينَ حَصِيرًا
(He wong Bani Israil, sawise sira gawe kerusakan ana ing bumi kang kapindho iki, menawa sira banjur tobat temenan) muga-muga Pangeranira paring (pangapura) lan rahmat marang sira kabeh. Dene menawa sira bali (gawe kerusakan ana ing bumi maneh), Ingsun mesthi uga bali paring siksa ing sira. Lan Ingsun ndamel Jahannam iku kanggo pakundjarane wong-wong kafir
إِنَّ هَٰذَا الْقُرْآنَ يَهْدِي لِلَّتِي هِيَ أَقْوَمُ وَيُبَشِّرُ الْمُؤْمِنِينَ الَّذِينَ يَعْمَلُونَ الصَّالِحَاتِ أَنَّ لَهُمْ أَجْرًا كَبِيرًا
Satemene Qur’an iku nuduhake marang dalan kang luwih bener lan dadi bebungah tumrap wong-wong kang padha mukmin, yaiku wong-wong kang nindakake kabecikan, satemen dheweke iku bakal kaparingan ganjarang kang gedhe (yaiku suwarga)
وَأَنَّ الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ أَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابًا أَلِيمًا
Lan satemene wong-wong kang ora percaya ing akherat iku, Ingsun cawisi siksa kang nglarani
وَيَدْعُ الْإِنْسَانُ بِالشَّرِّ دُعَاءَهُ بِالْخَيْرِ ۖ وَكَانَ الْإِنْسَانُ عَجُولًا
Manungsa iku (menawa pinuju susah atine utawa pinuju nepsu) banjur nyuwun ala marang Allah (tumrap awake dhewe utawa bandhane) padha bae karo yen (pinuju lega lan bungah atine banjur padha nyuwun kebecikan marang Allah). Kang mengkono iku jalaran kahanane manungsa iku pancen dhemen kesusu (tanpa mikir kapriye bakal wekasane)
وَجَعَلْنَا اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ آيَتَيْنِ ۖ فَمَحَوْنَا آيَةَ اللَّيْلِ وَجَعَلْنَا آيَةَ النَّهَارِ مُبْصِرَةً لِتَبْتَغُوا فَضْلًا مِنْ رَبِّكُمْ وَلِتَعْلَمُوا عَدَدَ السِّنِينَ وَالْحِسَابَ ۚ وَكُلَّ شَيْءٍ فَصَّلْنَاهُ تَفْصِيلًا
Lan Ingsun ndadekake wengi lan rina minagka kanggo tandha yekti (kang nuduhake kuwasaningsun). Ingsun nuli ndadekake peteng iku tandha wengi lan tandha awan iku padhang supaya sira kabeh padha ngupaya kanugrahan saka ngarsane Pangeranira kabeh, lan sira supaya sumurup wilangane tahun lan etungane dina lan sasi. Lan kabeh perkara (agama sarta penguripan donyanira) yekti wis Ingsun pratelakake kanthi gamblang

Choose other languages: