Surah Al-Isra Ayahs #77 Translated in Jawa
وَإِنْ كَادُوا لَيَفْتِنُونَكَ عَنِ الَّذِي أَوْحَيْنَا إِلَيْكَ لِتَفْتَرِيَ عَلَيْنَا غَيْرَهُ ۖ وَإِذًا لَاتَّخَذُوكَ خَلِيلًا
Lan meh-meh wong kafir mau gawe fitnah marang sira (Muhammad) supaya sira mlengos saka dhawuh kang Ingsun dhawuhake marang sira, supaya sira gawe-gawe ngucapake kang beda karo dhawuhingsun, diakokake saka ngarsaningsun. Menawa sira nganti tumindak mengkono (manut karepe wong-wong mau) mesthi dheweke padha gelem ngalap kekasih marang sira
وَلَوْلَا أَنْ ثَبَّتْنَاكَ لَقَدْ كِدْتَ تَرْكَنُ إِلَيْهِمْ شَيْئًا قَلِيلًا
Lan saumpama sira ora Ingsun paringi teguh tetap atinira (nyekel dalan kang haq) meh-meh bae sira neja arep kapelu sethithik marang dheweke
إِذًا لَأَذَقْنَاكَ ضِعْفَ الْحَيَاةِ وَضِعْفَ الْمَمَاتِ ثُمَّ لَا تَجِدُ لَكَ عَلَيْنَا نَصِيرًا
Menawa sira kelu yaiku nindakake penjaluke wong-wong mau (yaiku brahala-brahala aja dipecahi), mesthi Ingsun ngicipake ing sira supaya ngrasakake siksa donya kanthi tikel-matikel, mengkono uga siksa mati, sira banjur ora pikantuk kang mitulungi (nulak siksaningsun)
وَإِنْ كَادُوا لَيَسْتَفِزُّونَكَ مِنَ الْأَرْضِ لِيُخْرِجُوكَ مِنْهَا ۖ وَإِذًا لَا يَلْبَثُونَ خِلَافَكَ إِلَّا قَلِيلًا
Lan satemene dheweke (wong-wong Yahudi) meh bae nundhung sira (Muhammad) saka bumi Madinah, amrih sira metu saka kono. Lan menawa dheweke nundhung sira, temen dheweke ora padha bisa tetap manggon ing kono sapungkurira kejaba ana ing wektu sedhela bae (banjur padha dirusak)
سُنَّةَ مَنْ قَدْ أَرْسَلْنَا قَبْلَكَ مِنْ رُسُلِنَا ۖ وَلَا تَجِدُ لِسُنَّتِنَا تَحْوِيلًا
(Koyo mengkono iku uga) lelakone para Utusaningsun sadurungira (yaiku saben-saben negara kang wis ditinggalake dening Utusane, banjur enggal dirusak klawan ahline). Lan sira pra nemu owah-owahan ana ing dalan Ingsun
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
