Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #78 Translated in Jawa

وَلَوْلَا أَنْ ثَبَّتْنَاكَ لَقَدْ كِدْتَ تَرْكَنُ إِلَيْهِمْ شَيْئًا قَلِيلًا
Lan saumpama sira ora Ingsun paringi teguh tetap atinira (nyekel dalan kang haq) meh-meh bae sira neja arep kapelu sethithik marang dheweke
إِذًا لَأَذَقْنَاكَ ضِعْفَ الْحَيَاةِ وَضِعْفَ الْمَمَاتِ ثُمَّ لَا تَجِدُ لَكَ عَلَيْنَا نَصِيرًا
Menawa sira kelu yaiku nindakake penjaluke wong-wong mau (yaiku brahala-brahala aja dipecahi), mesthi Ingsun ngicipake ing sira supaya ngrasakake siksa donya kanthi tikel-matikel, mengkono uga siksa mati, sira banjur ora pikantuk kang mitulungi (nulak siksaningsun)
وَإِنْ كَادُوا لَيَسْتَفِزُّونَكَ مِنَ الْأَرْضِ لِيُخْرِجُوكَ مِنْهَا ۖ وَإِذًا لَا يَلْبَثُونَ خِلَافَكَ إِلَّا قَلِيلًا
Lan satemene dheweke (wong-wong Yahudi) meh bae nundhung sira (Muhammad) saka bumi Madinah, amrih sira metu saka kono. Lan menawa dheweke nundhung sira, temen dheweke ora padha bisa tetap manggon ing kono sapungkurira kejaba ana ing wektu sedhela bae (banjur padha dirusak)
سُنَّةَ مَنْ قَدْ أَرْسَلْنَا قَبْلَكَ مِنْ رُسُلِنَا ۖ وَلَا تَجِدُ لِسُنَّتِنَا تَحْوِيلًا
(Koyo mengkono iku uga) lelakone para Utusaningsun sadurungira (yaiku saben-saben negara kang wis ditinggalake dening Utusane, banjur enggal dirusak klawan ahline). Lan sira pra nemu owah-owahan ana ing dalan Ingsun
أَقِمِ الصَّلَاةَ لِدُلُوكِ الشَّمْسِ إِلَىٰ غَسَقِ اللَّيْلِ وَقُرْآنَ الْفَجْرِ ۖ إِنَّ قُرْآنَ الْفَجْرِ كَانَ مَشْهُودًا
Lan saira ngedegna shalat (mitutur syarat rukune kang sampurna) ana ing sawise lingsir srengenge lan sawise wiwit wengi, lan ngedegna shalat fajar. Satemene shalat fajar iku disekseni (dening malaikat rina lan malaikat wengi)

Choose other languages: