Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #56 Translated in Jawa

يَوْمَ يَدْعُوكُمْ فَتَسْتَجِيبُونَ بِحَمْدِهِ وَتَظُنُّونَ إِنْ لَبِثْتُمْ إِلَّا قَلِيلًا
Yaiku ana ing dinane sira kabeh tinimbalan. Ingkono sira banjur padha ngestokake dhawuh klawan muji ing Allah. Lan sira duwe pangira menawa urip ana ing donya lan ana ing kubur iku mung sedhela
وَقُلْ لِعِبَادِي يَقُولُوا الَّتِي هِيَ أَحْسَنُ ۚ إِنَّ الشَّيْطَانَ يَنْزَغُ بَيْنَهُمْ ۚ إِنَّ الشَّيْطَانَ كَانَ لِلْإِنْسَانِ عَدُوًّا مُبِينًا
Lan (Muhammad) dhawuha marang kawulaningsun kang padha Iman kang padha mangsuli marang wong-wong kafir klawan kang luwih becik: "Satemene syetan iku nyebar wiji gegethingan ana ing antarane wong-wong mau (kafir) menawa sira (wong-wong mukmin) ngucap kasar, Satemene setan iku nyata dadi mungsuhing manungsa
رَبُّكُمْ أَعْلَمُ بِكُمْ ۖ إِنْ يَشَأْ يَرْحَمْكُمْ أَوْ إِنْ يَشَأْ يُعَذِّبْكُمْ ۚ وَمَا أَرْسَلْنَاكَ عَلَيْهِمْ وَكِيلًا
Allah Pangeranira iku luwih ngudaneni ing sira kabeh, Manawa dadi kaparenging kersane, mesthi paring rahmat marang sira kabeh, utawa menawa kersa, Panjenengane nyiksa sira kabeh. Lan Ingsun ora ngutus sira dadi wakil kang ngurus perkarane wong-wong mau
وَرَبُّكَ أَعْلَمُ بِمَنْ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۗ وَلَقَدْ فَضَّلْنَا بَعْضَ النَّبِيِّينَ عَلَىٰ بَعْضٍ ۖ وَآتَيْنَا دَاوُودَ زَبُورًا
Lan Pangeranira kang luwih ngudaneni wong-wong kang ana ing langit lan bumi, lan temen Ingsun wis ngluwihake sewenehe Nabi ngungkuli sawenehe. Serta Ingsun wis paringkitab zabur marang Dawud
قُلِ ادْعُوا الَّذِينَ زَعَمْتُمْ مِنْ دُونِهِ فَلَا يَمْلِكُونَ كَشْفَ الضُّرِّ عَنْكُمْ وَلَا تَحْوِيلًا
Dhawuha (sira Muhammad marang wong-wong kafir), "Sira njaluka pitulung marang brahala-brahala kang sira anggep dadi Pangeran saliyane Allah". Yekti ora bakal padha bisa ngilangake wong liya

Choose other languages: