Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #58 Translated in Jawa

رَبُّكُمْ أَعْلَمُ بِكُمْ ۖ إِنْ يَشَأْ يَرْحَمْكُمْ أَوْ إِنْ يَشَأْ يُعَذِّبْكُمْ ۚ وَمَا أَرْسَلْنَاكَ عَلَيْهِمْ وَكِيلًا
Allah Pangeranira iku luwih ngudaneni ing sira kabeh, Manawa dadi kaparenging kersane, mesthi paring rahmat marang sira kabeh, utawa menawa kersa, Panjenengane nyiksa sira kabeh. Lan Ingsun ora ngutus sira dadi wakil kang ngurus perkarane wong-wong mau
وَرَبُّكَ أَعْلَمُ بِمَنْ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۗ وَلَقَدْ فَضَّلْنَا بَعْضَ النَّبِيِّينَ عَلَىٰ بَعْضٍ ۖ وَآتَيْنَا دَاوُودَ زَبُورًا
Lan Pangeranira kang luwih ngudaneni wong-wong kang ana ing langit lan bumi, lan temen Ingsun wis ngluwihake sewenehe Nabi ngungkuli sawenehe. Serta Ingsun wis paringkitab zabur marang Dawud
قُلِ ادْعُوا الَّذِينَ زَعَمْتُمْ مِنْ دُونِهِ فَلَا يَمْلِكُونَ كَشْفَ الضُّرِّ عَنْكُمْ وَلَا تَحْوِيلًا
Dhawuha (sira Muhammad marang wong-wong kafir), "Sira njaluka pitulung marang brahala-brahala kang sira anggep dadi Pangeran saliyane Allah". Yekti ora bakal padha bisa ngilangake wong liya
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ يَدْعُونَ يَبْتَغُونَ إِلَىٰ رَبِّهِمُ الْوَسِيلَةَ أَيُّهُمْ أَقْرَبُ وَيَرْجُونَ رَحْمَتَهُ وَيَخَافُونَ عَذَابَهُ ۚ إِنَّ عَذَابَ رَبِّكَ كَانَ مَحْذُورًا
KAng dianggep Pangeran dening wong-wong mau, kabeh padha ngupaya lantaran supaya kacerak marang Pangerane. Endi kang luwih cerak marang Pangerane (ora leren-leren golek lantaran supaya tambah kacerak) lan dheweke iku (kang dianggep Pangeran) salawe uga ngarep-ngarep rahmate Allah lan wedi ing siksane. Satemene siksane Pangeranira iku kudu luwih diwedeni
وَإِنْ مِنْ قَرْيَةٍ إِلَّا نَحْنُ مُهْلِكُوهَا قَبْلَ يَوْمِ الْقِيَامَةِ أَوْ مُعَذِّبُوهَا عَذَابًا شَدِيدًا ۚ كَانَ ذَٰلِكَ فِي الْكِتَابِ مَسْطُورًا
Lan ora ana sawijining negara (senadyan wong kang tumindak ala utawa becik), kajaba Ingsun kang ngrusak ahli-ahline sadurunge Qiyamat (wong kang ngabekti Allah padha Ingsun pundhut kelawan mati mukmin, dene wong kafir padha Ingsun rusak klawan turuning siksa kang abot). Kahanan kang mengkono iku (ngrusak lan nyiksa mau) wis ditulis ana ing Kitab (Lauhil Mahfudz)

Choose other languages: