Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #49 Translated in Jawa

وَإِذَا قَرَأْتَ الْقُرْآنَ جَعَلْنَا بَيْنَكَ وَبَيْنَ الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ حِجَابًا مَسْتُورًا
Lan nalika sira maca al-Qur’an, Ingsun ndadekake ing antaranira lan antarane wong kang ora padha percaya anane akherat aling-aling kang nutupi (atine wong-wong mau nganggo ngerteni lan ngalam manfa’at al-Qur’an)
وَجَعَلْنَا عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ أَكِنَّةً أَنْ يَفْقَهُوهُ وَفِي آذَانِهِمْ وَقْرًا ۚ وَإِذَا ذَكَرْتَ رَبَّكَ فِي الْقُرْآنِ وَحْدَهُ وَلَّوْا عَلَىٰ أَدْبَارِهِمْ نُفُورًا
Lan Ingsun ndadekake tutup ana ing atine wong-wong mau supaya padha ora mangerti al-Qur’an, semono uga ana ing kupinge, Ingsun abotake supaya ora bisa krungu al-Qur’an. Lan menawa sira nyebut Pangeranira piyambak ana ing al-Qur’an mau, dheweke banjur padha mlengos ngungkurake lan ngedoh
نَحْنُ أَعْلَمُ بِمَا يَسْتَمِعُونَ بِهِ إِذْ يَسْتَمِعُونَ إِلَيْكَ وَإِذْ هُمْ نَجْوَىٰ إِذْ يَقُولُ الظَّالِمُونَ إِنْ تَتَّبِعُونَ إِلَّا رَجُلًا مَسْحُورًا
Ingsun luwih ngudaneni ing apa wong-wong kang ora percaya ngrungokake al-Qur’an nalikane sira maca, Lan Ingsun luwih ngudaneni nalika padha bisik-bisik ngrasani sira, yaiku nalika wong-wong kang nganiaya padha ngucapa, "Ora ana liya kang sira turut iku kajaba wong lanang kang kena sihir
انْظُرْ كَيْفَ ضَرَبُوا لَكَ الْأَمْثَالَ فَضَلُّوا فَلَا يَسْتَطِيعُونَ سَبِيلًا
Ndelenga, kapriye wong-wong mau anggone wis gawe upama kanggo sira (sira dipadhakake wong kang kena sihir), tumuli wong mau padha kesasar saka dalan kang bener, dheweke padha ora bisa oleh dalan kang bener
وَقَالُوا أَإِذَا كُنَّا عِظَامًا وَرُفَاتًا أَإِنَّا لَمَبْعُوثُونَ خَلْقًا جَدِيدًا
Lan wong-wong (kafir) mau padha ngucap, "Besuk yen aku wis mati, wis dadi balung lan lemah, apa iya bakal ditangekake saka pati, banjur dadi titah anyar

Choose other languages: