Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #42 Translated in Jawa

كُلُّ ذَٰلِكَ كَانَ سَيِّئُهُ عِنْدَ رَبِّكَ مَكْرُوهًا
Alane kabeh kang dicegah mau, banget ora direnani ana ing ngersane Pangeranira, (dne kang becik, dialembana)
ذَٰلِكَ مِمَّا أَوْحَىٰ إِلَيْكَ رَبُّكَ مِنَ الْحِكْمَةِ ۗ وَلَا تَجْعَلْ مَعَ اللَّهِ إِلَٰهًا آخَرَ فَتُلْقَىٰ فِي جَهَنَّمَ مَلُومًا مَدْحُورًا
Kabeh (dhawuh lan larangan) mau, sebageyan kang wis diwahyokake Pangeranira marang sira saka hukum kang mengku kawicaksanan, lan sira aja ndadekake Pangeran saliyane Allah, Sebab mengko sira bakal dilebokake ana ing Jahannam kanthi cinacad sarta didohake (saka rahmat)
أَفَأَصْفَاكُمْ رَبُّكُمْ بِالْبَنِينَ وَاتَّخَذَ مِنَ الْمَلَائِكَةِ إِنَاثًا ۚ إِنَّكُمْ لَتَقُولُونَ قَوْلًا عَظِيمًا
(He wong kafir) Apa nyata kaya ucapanira menawa Allah Pangeranira iku nemtokake marang sira mung duwe anak lanang bae, dene Panjenengane Allah piyambak mung peputra puteri, yaiku para Malaikat. Yen mengkono temen sira wis ngucapake omongan kang gedhe (dosane)
وَلَقَدْ صَرَّفْنَا فِي هَٰذَا الْقُرْآنِ لِيَذَّكَّرُوا وَمَا يَزِيدُهُمْ إِلَّا نُفُورًا
Lan satemene Ingsun wis nerangake ana ing al-Qur’an iki (ancaman-ancaman perjanjian-perjanjian) supaya wong-wong mau padha eling, ananging keterangan-keterangan mau ora muwuhi apa-apa marang wong-wong mau, kajaba malah dadi tambah adoh (saka pitutur bener)
قُلْ لَوْ كَانَ مَعَهُ آلِهَةٌ كَمَا يَقُولُونَ إِذًا لَابْتَغَوْا إِلَىٰ ذِي الْعَرْشِ سَبِيلًا
He Muhammad, sira dhawuha, "Seumpama ana Pangeran liya kang ngancani Allah, kaya kang diucapake dening wong-wong mau, yen mengkono Pangeran-Pangeran mau temen padha golek dalan menyang Pangeran kang kagungan ’Arasy (Allah)

Choose other languages: