Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #45 Translated in Jawa

وَلَقَدْ صَرَّفْنَا فِي هَٰذَا الْقُرْآنِ لِيَذَّكَّرُوا وَمَا يَزِيدُهُمْ إِلَّا نُفُورًا
Lan satemene Ingsun wis nerangake ana ing al-Qur’an iki (ancaman-ancaman perjanjian-perjanjian) supaya wong-wong mau padha eling, ananging keterangan-keterangan mau ora muwuhi apa-apa marang wong-wong mau, kajaba malah dadi tambah adoh (saka pitutur bener)
قُلْ لَوْ كَانَ مَعَهُ آلِهَةٌ كَمَا يَقُولُونَ إِذًا لَابْتَغَوْا إِلَىٰ ذِي الْعَرْشِ سَبِيلًا
He Muhammad, sira dhawuha, "Seumpama ana Pangeran liya kang ngancani Allah, kaya kang diucapake dening wong-wong mau, yen mengkono Pangeran-Pangeran mau temen padha golek dalan menyang Pangeran kang kagungan ’Arasy (Allah)
سُبْحَانَهُ وَتَعَالَىٰ عَمَّا يَقُولُونَ عُلُوًّا كَبِيرًا
Maha suci Panjenengan Allah sarta Maha Luhur saka kabeh kang diucapake dening wong-wong mau (wong-wong musyrik), sarta Maha Luhur lan Agung temenan
تُسَبِّحُ لَهُ السَّمَاوَاتُ السَّبْعُ وَالْأَرْضُ وَمَنْ فِيهِنَّ ۚ وَإِنْ مِنْ شَيْءٍ إِلَّا يُسَبِّحُ بِحَمْدِهِ وَلَٰكِنْ لَا تَفْقَهُونَ تَسْبِيحَهُمْ ۗ إِنَّهُ كَانَ حَلِيمًا غَفُورًا
Langit pitu lan bumi pitu dalah saisine kabeh padha Maha Sucekake marang Panjenengane Allah. Ora ana barang dumadi kabeh padha Maha sucekake marang Panjenengane Allah klawan tembunge dhewe-dhewe, nanging sira ora padha mengerti anggone padha Maha Nucekake sarta Memuji. Satemene Panjenengane iku Pangeran Kang Maha Asih tur Kang Maha Pangapura
وَإِذَا قَرَأْتَ الْقُرْآنَ جَعَلْنَا بَيْنَكَ وَبَيْنَ الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ حِجَابًا مَسْتُورًا
Lan nalika sira maca al-Qur’an, Ingsun ndadekake ing antaranira lan antarane wong kang ora padha percaya anane akherat aling-aling kang nutupi (atine wong-wong mau nganggo ngerteni lan ngalam manfa’at al-Qur’an)

Choose other languages: