Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #21 Translated in Jawa

وَكَمْ أَهْلَكْنَا مِنَ الْقُرُونِ مِنْ بَعْدِ نُوحٍ ۗ وَكَفَىٰ بِرَبِّكَ بِذُنُوبِ عِبَادِهِ خَبِيرًا بَصِيرًا
Lan wis pira kehe sawenehe ummat kang Insun rusak sawise Nuh. Satemene wis cukup Pangeranira kang Maha Waspada sarta maha Ngudaneni ing dosa-dosane para kawulane
مَنْ كَانَ يُرِيدُ الْعَاجِلَةَ عَجَّلْنَا لَهُ فِيهَا مَا نَشَاءُ لِمَنْ نُرِيدُ ثُمَّ جَعَلْنَا لَهُ جَهَنَّمَ يَصْلَاهَا مَذْمُومًا مَدْحُورًا
Sing sapa nyuwun ganjaran (dikenceng) ana ing donya, yekti Ingsun maringi miturut kersaningsun marang wong-wong kang Ingsun kersakake. Dene besuk ana ing akherat, Ingsun wis ndadekake neraka Jahannam dadi cawisane dheweke, lan dheweke banjur mlebu ana ing kono klawan diasorake lan didohake saka rahmate Allah
وَمَنْ أَرَادَ الْآخِرَةَ وَسَعَىٰ لَهَا سَعْيَهَا وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَأُولَٰئِكَ كَانَ سَعْيُهُمْ مَشْكُورًا
Dene sing sapa nyuwun ganjaran an ing akherat, lan dheweke iku nindakake pengawiyan kang tumuju lan mikolehe ana akherat, tur percaya marang Allah, wong-wong kang mengkono mau kang lakune bakal diterima dening Allah
كُلًّا نُمِدُّ هَٰؤُلَاءِ وَهَٰؤُلَاءِ مِنْ عَطَاءِ رَبِّكَ ۚ وَمَا كَانَ عَطَاءُ رَبِّكَ مَحْظُورًا
Kabeh golongan loro (yaiku wong kang padha nyuwun ganjaran ana ing donya lan wong kang nyuwun ganjaran ana ing akherat) mau, kabeh padha Ingsun paringi penyuwunan saka peparinge Allah Pangeranira. Lan peparinge pangeranira iku ora dipepet
انْظُرْ كَيْفَ فَضَّلْنَا بَعْضَهُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ ۚ وَلَلْآخِرَةُ أَكْبَرُ دَرَجَاتٍ وَأَكْبَرُ تَفْضِيلًا
Sira ndelenga, kepriye anggon Ingsun ngluwihake anggon Ingsun peparing marang sawanehing manungsa, ngungkuli tinimbang liyane. Dene peparing Ingsun ana ing akherat iku luwih gedhe drajate lan luwih gedhe kautamane (tinimbang donya)

Choose other languages: