Surah Al-Isra Ayahs #111 Translated in Jawa
وَيَقُولُونَ سُبْحَانَ رَبِّنَا إِنْ كَانَ وَعْدُ رَبِّنَا لَمَفْعُولًا
Lan wong-wong mau padha matur, Maha Suci Pangeran kawula, sayektos janjinipun Pangean kawula punika mesthi kelampahan
وَيَخِرُّونَ لِلْأَذْقَانِ يَبْكُونَ وَيَزِيدُهُمْ خُشُوعًا ۩
Lan wong-wong mau padha sumungkem bathuke klawan nangins, sarta al-Qur’an iku muwuhi tumungkule lan konejeme marang Allah
قُلِ ادْعُوا اللَّهَ أَوِ ادْعُوا الرَّحْمَٰنَ ۖ أَيًّا مَا تَدْعُوا فَلَهُ الْأَسْمَاءُ الْحُسْنَىٰ ۚ وَلَا تَجْهَرْ بِصَلَاتِكَ وَلَا تُخَافِتْ بِهَا وَابْتَغِ بَيْنَ ذَٰلِكَ سَبِيلًا
Sira dhawuha, "Sira padha nyenyuwun ing Allah, utawa nganggo sebutan Pangeran kang Maha Welas (Ya Rahman), endi asma loro kang sira sebut. Satemene kabeh asma Allah kang becik (Asmaul Husna) iku kagungane Allah". Lan sira aja nyerokake wacanira ana ing salatira, uga aja nglirihake, lan pilihen antarane seru sarta lirih iku
وَقُلِ الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي لَمْ يَتَّخِذْ وَلَدًا وَلَمْ يَكُنْ لَهُ شَرِيكٌ فِي الْمُلْكِ وَلَمْ يَكُنْ لَهُ وَلِيٌّ مِنَ الذُّلِّ ۖ وَكَبِّرْهُ تَكْبِيرًا
Sira munjuka, "Sakatahing puji konjuk dhumateng Allah, Pangean ingkang boten peputra sarta boten wonten ingkang nyekuthoni wonten ing Kratonipun, punapa dene boten mbetahake pitulung jalaran saking kasoran". Lan sira angngagungna marang Asma dalem Pangeranira kanthi temen-temen
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
