Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hujraat Ayahs #18 Translated in Jawa

قَالَتِ الْأَعْرَابُ آمَنَّا ۖ قُلْ لَمْ تُؤْمِنُوا وَلَٰكِنْ قُولُوا أَسْلَمْنَا وَلَمَّا يَدْخُلِ الْإِيمَانُ فِي قُلُوبِكُمْ ۖ وَإِنْ تُطِيعُوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ لَا يَلِتْكُمْ مِنْ أَعْمَالِكُمْ شَيْئًا ۚ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Wong padesan Arab padha ngucap, "Aku wis percaya (Mukmin)". Sira dawuha, "Kowe durung iman", nanging ngucapa, "Aku iki wong Islam". Iman durung mlebu ing atimu. Dene yen kowe manut miturut ing Allh lan Rasul ora bakal suda sethithik - thithika ganjarane lakumu kang becik. Satemene Allah kpareng ngapura dosa tur Maha Asih
إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ الَّذِينَ آمَنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ ثُمَّ لَمْ يَرْتَابُوا وَجَاهَدُوا بِأَمْوَالِهِمْ وَأَنْفُسِهِمْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ ۚ أُولَٰئِكَ هُمُ الصَّادِقُونَ
Kang tetep aran wong mukmin iku sarupane wong kang padha percaya ing Allah lan Rasule. Atine ora pisan - pisan mamang lan ketara anggone tenanan anggone ngistokake dhawuh ngetohake nyawane lan bandhane kanggo ragad nindakake dhawuh Allah (sabilillah) hiya iku wong kang temen imane
قُلْ أَتُعَلِّمُونَ اللَّهَ بِدِينِكُمْ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۚ وَاللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ
(Muhammad) Dhawuha, "Apa kowe ngaturake agamamu kang kok sungkemi ing Allah. ALlah ikunginingani samu barang isining bumi lan langit. Lan marang sakabehane barang Allah nguningani
يَمُنُّونَ عَلَيْكَ أَنْ أَسْلَمُوا ۖ قُلْ لَا تَمُنُّوا عَلَيَّ إِسْلَامَكُمْ ۖ بَلِ اللَّهُ يَمُنُّ عَلَيْكُمْ أَنْ هَدَاكُمْ لِلْإِيمَانِ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
Wong (ing pedesan) mau padha ngaturake dheweke iku padha potang kabecikan anggone Islam marang sira (Muhammad) sira dhawuha, "Kowe aja padha rumasa pitang kabecikan kalawan anggonmu Islam, nanging Allah, iku paring pitulung marang kowe padha diparingi pituduh kapercayan (Iman) manawa sira temen
إِنَّ اللَّهَ يَعْلَمُ غَيْبَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَاللَّهُ بَصِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
Satemene Allah iku nguningani kang samar - samar ana ing bumi lan langit. Allah iku mirsani kabeh barang kang padha kok lakoni

Choose other languages: