Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hujraat Ayahs #14 Translated in Jawa

إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ إِخْوَةٌ فَأَصْلِحُوا بَيْنَ أَخَوَيْكُمْ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ
Satemene pra mukmin padha dadi sedulur. Mulane padha ngrukunna sedulurmu loro kang padha pasulayan lan bektia Allah supaya oleh asihe
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا يَسْخَرْ قَوْمٌ مِنْ قَوْمٍ عَسَىٰ أَنْ يَكُونُوا خَيْرًا مِنْهُمْ وَلَا نِسَاءٌ مِنْ نِسَاءٍ عَسَىٰ أَنْ يَكُنَّ خَيْرًا مِنْهُنَّ ۖ وَلَا تَلْمِزُوا أَنْفُسَكُمْ وَلَا تَنَابَزُوا بِالْأَلْقَابِ ۖ بِئْسَ الِاسْمُ الْفُسُوقُ بَعْدَ الْإِيمَانِ ۚ وَمَنْ لَمْ يَتُبْ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ
Para mukmin kabeh, aja padha geguyu (ngina) antarane wong lanang padha wong lanang. Awit kena uga kang digeguyu luwih becik tinimbang kang geguyu. Wong wadon aja uga geguyu marang padha wong wadon awit kang digeguyu kena uga luwih becik. Lan aja padha nacat marang wong liya, awit wong kang dicacat mau banjur males nacat, lan aja padha juluki hala marang wong. Wong iku sawise pracaya Allah cacat banget yen nganti dirangkepi jeneng ala. Sing sapa ora gelem tobat (anggone nrajang larangane) tete[ wong nganiaya awake dhewe]
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اجْتَنِبُوا كَثِيرًا مِنَ الظَّنِّ إِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ إِثْمٌ ۖ وَلَا تَجَسَّسُوا وَلَا يَغْتَبْ بَعْضُكُمْ بَعْضًا ۚ أَيُحِبُّ أَحَدُكُمْ أَنْ يَأْكُلَ لَحْمَ أَخِيهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوهُ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ تَوَّابٌ رَحِيمٌ
Para mukmin kabeh, padha ngedhohona panyana elek marang wong, awit sawenehing panyana iku ana kang dadi dosa. Lan aja sok nyebarake wadining wong lan aja ngrasani hala marang padha kancanira. Apa hiya sira iku dhemen mangan daginge sedulure kang wis mati? Bareng kelako mesthi ora doyan. Lan padha bektia ing Allah. Satemene Allah iku narima tobate manungsa tur Maha Asih
يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنَّا خَلَقْنَاكُمْ مِنْ ذَكَرٍ وَأُنْثَىٰ وَجَعَلْنَاكُمْ شُعُوبًا وَقَبَائِلَ لِتَعَارَفُوا ۚ إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ
Para manungsa kabeh, Ingsun wis gawe sira wijine saka wong lanang lan wadon, lan Ingsun dadekake pirang - pirang bangsa lan golongan supaya padha tepung (kenal) siji lan sijine. Dene mungguhe Allah sira iku kang aji dhewe, hendi kang banget bektine ing Allah. Satemene Allah iku nguningani samu barang tur wicaksana
قَالَتِ الْأَعْرَابُ آمَنَّا ۖ قُلْ لَمْ تُؤْمِنُوا وَلَٰكِنْ قُولُوا أَسْلَمْنَا وَلَمَّا يَدْخُلِ الْإِيمَانُ فِي قُلُوبِكُمْ ۖ وَإِنْ تُطِيعُوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ لَا يَلِتْكُمْ مِنْ أَعْمَالِكُمْ شَيْئًا ۚ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Wong padesan Arab padha ngucap, "Aku wis percaya (Mukmin)". Sira dawuha, "Kowe durung iman", nanging ngucapa, "Aku iki wong Islam". Iman durung mlebu ing atimu. Dene yen kowe manut miturut ing Allh lan Rasul ora bakal suda sethithik - thithika ganjarane lakumu kang becik. Satemene Allah kpareng ngapura dosa tur Maha Asih

Choose other languages: