Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hijr Ayahs #21 Translated in Jawa

وَحَفِظْنَاهَا مِنْ كُلِّ شَيْطَانٍ رَجِيمٍ
Sarta iku Ingsun reksa saka sarupané sétan kang sinikokaké
إِلَّا مَنِ اسْتَرَقَ السَّمْعَ فَأَتْبَعَهُ شِهَابٌ مُبِينٌ
Ananging sapa sing nyolong pangrungu, iku urub kang padhang banjur anututi dhèwèké
وَالْأَرْضَ مَدَدْنَاهَا وَأَلْقَيْنَا فِيهَا رَوَاسِيَ وَأَنْبَتْنَا فِيهَا مِنْ كُلِّ شَيْءٍ مَوْزُونٍ
Lan bumi – iku Ingsun gelar, sarta Ingsun andokoki gunung kukuh ing kono apa déné ana ing kono Ingsun anuwuhaké samu- barang kalawan timbangan kang trep
وَجَعَلْنَا لَكُمْ فِيهَا مَعَايِشَ وَمَنْ لَسْتُمْ لَهُ بِرَازِقِينَ
Lan ana ing kono Ingsun wus andadèkaké sarana-sarananing pa- nguripan tumrap marang sira lan tumrap sapa-sapa kang dudu sira kang angrejekèni
وَإِنْ مِنْ شَيْءٍ إِلَّا عِنْدَنَا خَزَائِنُهُ وَمَا نُنَزِّلُهُ إِلَّا بِقَدَرٍ مَعْلُومٍ
Lan ora ana sawijining barang baé kang gedhong pasim- penané ora ana ing Ingsun, sarta iku ora Ingsun turunaké kajaba kalawan pamurwat kang wus kawruhan

Choose other languages: