Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hijr Ayahs #20 Translated in Jawa

وَلَقَدْ جَعَلْنَا فِي السَّمَاءِ بُرُوجًا وَزَيَّنَّاهَا لِلنَّاظِرِينَ
Lan sayekti temen, Ingsun wus andadèkaké pikuwat-pikuwat ana ing langit sarta iku Ingsun katonaké asri tumrap para kang andeleng
وَحَفِظْنَاهَا مِنْ كُلِّ شَيْطَانٍ رَجِيمٍ
Sarta iku Ingsun reksa saka sarupané sétan kang sinikokaké
إِلَّا مَنِ اسْتَرَقَ السَّمْعَ فَأَتْبَعَهُ شِهَابٌ مُبِينٌ
Ananging sapa sing nyolong pangrungu, iku urub kang padhang banjur anututi dhèwèké
وَالْأَرْضَ مَدَدْنَاهَا وَأَلْقَيْنَا فِيهَا رَوَاسِيَ وَأَنْبَتْنَا فِيهَا مِنْ كُلِّ شَيْءٍ مَوْزُونٍ
Lan bumi – iku Ingsun gelar, sarta Ingsun andokoki gunung kukuh ing kono apa déné ana ing kono Ingsun anuwuhaké samu- barang kalawan timbangan kang trep
وَجَعَلْنَا لَكُمْ فِيهَا مَعَايِشَ وَمَنْ لَسْتُمْ لَهُ بِرَازِقِينَ
Lan ana ing kono Ingsun wus andadèkaké sarana-sarananing pa- nguripan tumrap marang sira lan tumrap sapa-sapa kang dudu sira kang angrejekèni

Choose other languages: