Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hijr Ayahs #19 Translated in Jawa

لَقَالُوا إِنَّمَا سُكِّرَتْ أَبْصَارُنَا بَلْ نَحْنُ قَوْمٌ مَسْحُورُونَ
Amasthi bakal padha calathu: Mripatku mung padha kesérup, malah aku kabèh iki sawijining bangsa kang kena ing kemayan
وَلَقَدْ جَعَلْنَا فِي السَّمَاءِ بُرُوجًا وَزَيَّنَّاهَا لِلنَّاظِرِينَ
Lan sayekti temen, Ingsun wus andadèkaké pikuwat-pikuwat ana ing langit sarta iku Ingsun katonaké asri tumrap para kang andeleng
وَحَفِظْنَاهَا مِنْ كُلِّ شَيْطَانٍ رَجِيمٍ
Sarta iku Ingsun reksa saka sarupané sétan kang sinikokaké
إِلَّا مَنِ اسْتَرَقَ السَّمْعَ فَأَتْبَعَهُ شِهَابٌ مُبِينٌ
Ananging sapa sing nyolong pangrungu, iku urub kang padhang banjur anututi dhèwèké
وَالْأَرْضَ مَدَدْنَاهَا وَأَلْقَيْنَا فِيهَا رَوَاسِيَ وَأَنْبَتْنَا فِيهَا مِنْ كُلِّ شَيْءٍ مَوْزُونٍ
Lan bumi – iku Ingsun gelar, sarta Ingsun andokoki gunung kukuh ing kono apa déné ana ing kono Ingsun anuwuhaké samu- barang kalawan timbangan kang trep

Choose other languages: