Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hashr Ayahs #22 Translated in Jawa

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
Para mukmin, padha bektia ing Allah. Kabeh wae padha nggatekna apa sing wis ditindhakake kanggo dina sesuk (akherat). Padha bektia ing Allah, satemene Allah iku waspada marang samu barang kang padha sira lakoni
وَلَا تَكُونُوا كَالَّذِينَ نَسُوا اللَّهَ فَأَنْسَاهُمْ أَنْفُسَهُمْ ۚ أُولَٰئِكَ هُمُ الْفَاسِقُونَ
Aja kaya wong kang lali ora ngabekti ing Allah, tumuli Allah dadekake dheweke lali anggone murih becik marang awake dhewe. Kang mangkono iku kabeh padha duraka
لَا يَسْتَوِي أَصْحَابُ النَّارِ وَأَصْحَابُ الْجَنَّةِ ۚ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ هُمُ الْفَائِزُونَ
Ora padha wong ahli neraka lan ahli suwarga? wong ahli suwarga iku kabeh padha begja
لَوْ أَنْزَلْنَا هَٰذَا الْقُرْآنَ عَلَىٰ جَبَلٍ لَرَأَيْتَهُ خَاشِعًا مُتَصَدِّعًا مِنْ خَشْيَةِ اللَّهِ ۚ وَتِلْكَ الْأَمْثَالُ نَضْرِبُهَا لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَفَكَّرُونَ
Upama gunung iku duwe pangerti, sarta Ingsun dhawuhake al-Quran iku mesthi sira deleng gunung mau konjem pecah - pecah sebab saking weine ing Allah. Upama mangkono mau Ingsun terapake marang manungsa supaya manungsa padha mikira agunge Allah
هُوَ اللَّهُ الَّذِي لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ عَالِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ ۖ هُوَ الرَّحْمَٰنُ الرَّحِيمُ
Hiya iku Allah, ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah kang nguningani samu barang kang samar - samar sarta kang ketok cetha hiya iku Allah Kang Maha Murah tur Maha Asih

Choose other languages: