Surah Al-Hashr Ayahs #23 Translated in Jawa
وَلَا تَكُونُوا كَالَّذِينَ نَسُوا اللَّهَ فَأَنْسَاهُمْ أَنْفُسَهُمْ ۚ أُولَٰئِكَ هُمُ الْفَاسِقُونَ
Aja kaya wong kang lali ora ngabekti ing Allah, tumuli Allah dadekake dheweke lali anggone murih becik marang awake dhewe. Kang mangkono iku kabeh padha duraka
لَا يَسْتَوِي أَصْحَابُ النَّارِ وَأَصْحَابُ الْجَنَّةِ ۚ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ هُمُ الْفَائِزُونَ
Ora padha wong ahli neraka lan ahli suwarga? wong ahli suwarga iku kabeh padha begja
لَوْ أَنْزَلْنَا هَٰذَا الْقُرْآنَ عَلَىٰ جَبَلٍ لَرَأَيْتَهُ خَاشِعًا مُتَصَدِّعًا مِنْ خَشْيَةِ اللَّهِ ۚ وَتِلْكَ الْأَمْثَالُ نَضْرِبُهَا لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَفَكَّرُونَ
Upama gunung iku duwe pangerti, sarta Ingsun dhawuhake al-Quran iku mesthi sira deleng gunung mau konjem pecah - pecah sebab saking weine ing Allah. Upama mangkono mau Ingsun terapake marang manungsa supaya manungsa padha mikira agunge Allah
هُوَ اللَّهُ الَّذِي لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ عَالِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ ۖ هُوَ الرَّحْمَٰنُ الرَّحِيمُ
Hiya iku Allah, ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah kang nguningani samu barang kang samar - samar sarta kang ketok cetha hiya iku Allah Kang Maha Murah tur Maha Asih
هُوَ اللَّهُ الَّذِي لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ الْمَلِكُ الْقُدُّوسُ السَّلَامُ الْمُؤْمِنُ الْمُهَيْمِنُ الْعَزِيزُ الْجَبَّارُ الْمُتَكَبِّرُ ۚ سُبْحَانَ اللَّهِ عَمَّا يُشْرِكُونَ
Hiya iku Allah, ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah. Panguwasa, Kang Maha Suci, Kang Paring Selamet, Kang Paring tandha yekti kahelokan marang Utusane, kang Nguningani sabarang lakune kawula, Kang Maha Mulya, Kang Masesa, tur Kang Maha Agung. Allah iku Maha Suci. Adoh banget yen kaya panemune wong mangro tingal
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
