Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hashr Ayahs #21 Translated in Jawa

فَكَانَ عَاقِبَتَهُمَا أَنَّهُمَا فِي النَّارِ خَالِدَيْنِ فِيهَا ۚ وَذَٰلِكَ جَزَاءُ الظَّالِمِينَ
Wekasane syetan lan wong kang kena ing panggodha, loro pisan padha disiksa ana ing neraka, sarta padha langgeng iya iku patrapane wong kafir
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
Para mukmin, padha bektia ing Allah. Kabeh wae padha nggatekna apa sing wis ditindhakake kanggo dina sesuk (akherat). Padha bektia ing Allah, satemene Allah iku waspada marang samu barang kang padha sira lakoni
وَلَا تَكُونُوا كَالَّذِينَ نَسُوا اللَّهَ فَأَنْسَاهُمْ أَنْفُسَهُمْ ۚ أُولَٰئِكَ هُمُ الْفَاسِقُونَ
Aja kaya wong kang lali ora ngabekti ing Allah, tumuli Allah dadekake dheweke lali anggone murih becik marang awake dhewe. Kang mangkono iku kabeh padha duraka
لَا يَسْتَوِي أَصْحَابُ النَّارِ وَأَصْحَابُ الْجَنَّةِ ۚ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ هُمُ الْفَائِزُونَ
Ora padha wong ahli neraka lan ahli suwarga? wong ahli suwarga iku kabeh padha begja
لَوْ أَنْزَلْنَا هَٰذَا الْقُرْآنَ عَلَىٰ جَبَلٍ لَرَأَيْتَهُ خَاشِعًا مُتَصَدِّعًا مِنْ خَشْيَةِ اللَّهِ ۚ وَتِلْكَ الْأَمْثَالُ نَضْرِبُهَا لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَفَكَّرُونَ
Upama gunung iku duwe pangerti, sarta Ingsun dhawuhake al-Quran iku mesthi sira deleng gunung mau konjem pecah - pecah sebab saking weine ing Allah. Upama mangkono mau Ingsun terapake marang manungsa supaya manungsa padha mikira agunge Allah

Choose other languages: