Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #76 Translated in Jawa

وَإِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِمْ آيَاتُنَا بَيِّنَاتٍ تَعْرِفُ فِي وُجُوهِ الَّذِينَ كَفَرُوا الْمُنْكَرَ ۖ يَكَادُونَ يَسْطُونَ بِالَّذِينَ يَتْلُونَ عَلَيْهِمْ آيَاتِنَا ۗ قُلْ أَفَأُنَبِّئُكُمْ بِشَرٍّ مِنْ ذَٰلِكُمُ ۗ النَّارُ وَعَدَهَا اللَّهُ الَّذِينَ كَفَرُوا ۖ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ
Menawa diwacakake ayat - ayatingsun kanthi cetha, sira bajur sumurup menawa bathine nampik keterangan ana ing polatan raine, kaya dene arep nandukake mara tangan marang wong kang macakake ayat - ayat mau. (Muhammad) sira dhawuha, "Apa sira gelem tak wenehi weruh kang luwih ala katimbang kang sira gethingi? yaiku neraka, kang wis dicawisake dening ALlah tumrap wong - wong kang kafir. Lan iku ala - alane panggonan bali
يَا أَيُّهَا النَّاسُ ضُرِبَ مَثَلٌ فَاسْتَمِعُوا لَهُ ۚ إِنَّ الَّذِينَ تَدْعُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ لَنْ يَخْلُقُوا ذُبَابًا وَلَوِ اجْتَمَعُوا لَهُ ۖ وَإِنْ يَسْلُبْهُمُ الذُّبَابُ شَيْئًا لَا يَسْتَنْقِذُوهُ مِنْهُ ۚ ضَعُفَ الطَّالِبُ وَالْمَطْلُوبُ
He para manungsa sira wis diterangake sawijining conto awit sangka iku padha sira rungokna, yaiku, Saktemene kang sira sembah sakliyane Allah iku ora kuwasa gawe laler senadyan dheweke padha ngumpul anggone gawe laler. Dene yen ana laler ngrubung marang sajene, brahala mau ora bisa anggisah. Saiki cetha laler sing ngrubung sajen, sarta brahala kang ora bisa anggusah laler mau, loro - lorone padha apes
مَا قَدَرُوا اللَّهَ حَقَّ قَدْرِهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَقَوِيٌّ عَزِيزٌ
Wong - wong kafir iku ora padha weruh keagungane ALlah kang sajatine, saktemene ALlah iku maha sentosa lan maha mulya
اللَّهُ يَصْطَفِي مِنَ الْمَلَائِكَةِ رُسُلًا وَمِنَ النَّاسِ ۚ إِنَّ اللَّهَ سَمِيعٌ بَصِيرٌ
Panjenengane ALlah wis milih pirang - pirang utusan saka para malaikat lan saka manungsa. Saktemene ALlah iku maha midhanget tur maha priksa
يَعْلَمُ مَا بَيْنَ أَيْدِيهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ ۗ وَإِلَى اللَّهِ تُرْجَعُ الْأُمُورُ
Panjenengane ALlah iku nguningani kabeh kang ana sakngarepe wong - wong mau lan ing sakburine. (barang kang kalakon lan barang kang durung kelakon). Lan mung marang panjenengane Allah piyambak kabeh perkara iku bakal dibalekake

Choose other languages: