Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #78 Translated in Jawa

مَا قَدَرُوا اللَّهَ حَقَّ قَدْرِهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَقَوِيٌّ عَزِيزٌ
Wong - wong kafir iku ora padha weruh keagungane ALlah kang sajatine, saktemene ALlah iku maha sentosa lan maha mulya
اللَّهُ يَصْطَفِي مِنَ الْمَلَائِكَةِ رُسُلًا وَمِنَ النَّاسِ ۚ إِنَّ اللَّهَ سَمِيعٌ بَصِيرٌ
Panjenengane ALlah wis milih pirang - pirang utusan saka para malaikat lan saka manungsa. Saktemene ALlah iku maha midhanget tur maha priksa
يَعْلَمُ مَا بَيْنَ أَيْدِيهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ ۗ وَإِلَى اللَّهِ تُرْجَعُ الْأُمُورُ
Panjenengane ALlah iku nguningani kabeh kang ana sakngarepe wong - wong mau lan ing sakburine. (barang kang kalakon lan barang kang durung kelakon). Lan mung marang panjenengane Allah piyambak kabeh perkara iku bakal dibalekake
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا ارْكَعُوا وَاسْجُدُوا وَاعْبُدُوا رَبَّكُمْ وَافْعَلُوا الْخَيْرَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ ۩
He wong kang padha iman, sira kabeh padha duruka lan sujuda lan manembaha marang Allah pangeranira sarta padha nindakna panggawe ebcik supaya sira padha pikantuk kabekjan
وَجَاهِدُوا فِي اللَّهِ حَقَّ جِهَادِهِ ۚ هُوَ اجْتَبَاكُمْ وَمَا جَعَلَ عَلَيْكُمْ فِي الدِّينِ مِنْ حَرَجٍ ۚ مِلَّةَ أَبِيكُمْ إِبْرَاهِيمَ ۚ هُوَ سَمَّاكُمُ الْمُسْلِمِينَ مِنْ قَبْلُ وَفِي هَٰذَا لِيَكُونَ الرَّسُولُ شَهِيدًا عَلَيْكُمْ وَتَكُونُوا شُهَدَاءَ عَلَى النَّاسِ ۚ فَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَآتُوا الزَّكَاةَ وَاعْتَصِمُوا بِاللَّهِ هُوَ مَوْلَاكُمْ ۖ فَنِعْمَ الْمَوْلَىٰ وَنِعْمَ النَّصِيرُ
Lan sira padha mangsaha perang luhurake agamane Allah (ngrungkepi agamane Allah) kelawan temen. Panjenengane ALlah wis milih marang sira kabeh (kanggo ngluhurake agamane lan nampa pitulungane). Lan panjenengane Allah ora gawe kerupekan tumrap sira hing bab - bab agama, yaiku agamane ramanira Ibrahim. Panjenengane Allah wis paring jeneng marang sira kabeh (muslimin wong - wong islam) sakdurunge diturunake al-Qur’an lan uga ana ing dalem al-Qur’an ikisupaya utusan iku dadi saksi marang sira kabeh (anggone wis andhawuhake marang sira) lan sira dadi saksi tumrap para manungsa (anggone sira didhawuhi utusan). Awit sak aiku sira kabeh padha nindakake sholat lan bayar zakat sarta padha kukuh anggone nyekel agamane Allah. Panjenengane ALlah iku pangeran kang nguasani marang sira (bendharanira) ya Panjenengane iku becik - beciking bendhara lan becik - becike kang paring pitulungan

Choose other languages: