Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #69 Translated in Jawa

أَلَمْ تَرَ أَنَّ اللَّهَ سَخَّرَ لَكُمْ مَا فِي الْأَرْضِ وَالْفُلْكَ تَجْرِي فِي الْبَحْرِ بِأَمْرِهِ وَيُمْسِكُ السَّمَاءَ أَنْ تَقَعَ عَلَى الْأَرْضِ إِلَّا بِإِذْنِهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ بِالنَّاسِ لَرَءُوفٌ رَحِيمٌ
Apa sira ora sumur yen ALlah iku ngenengake samu barang kang ana ing bumi iki marang sira, lan perahu kang malku wira - wiri ana ing segara kanthi prentahe ALlah? Mengkono uga Allah ngukuhi langit, supaya aja ngrubuhi bumi, kajaba klawan kepaarenging Allah, Saktemene Allah iku welas marang para manungsa
وَهُوَ الَّذِي أَحْيَاكُمْ ثُمَّ يُمِيتُكُمْ ثُمَّ يُحْيِيكُمْ ۗ إِنَّ الْإِنْسَانَ لَكَفُورٌ
ALlah iku kang nguripake marang sira kabeh. Panjenengane banjur mateni kabeh nuli nguripake maneh. Saktemene manungsa iku banget anggone kafir (ora gelem syukur marang nikmat peparing Allah)
لِكُلِّ أُمَّةٍ جَعَلْنَا مَنْسَكًا هُمْ نَاسِكُوهُ ۖ فَلَا يُنَازِعُنَّكَ فِي الْأَمْرِ ۚ وَادْعُ إِلَىٰ رَبِّكَ ۖ إِنَّكَ لَعَلَىٰ هُدًى مُسْتَقِيمٍ
Kabeh ummat padha Ingsun pernata kanthi syari’at, kabeh padha Ingsun kersakake nglakoni syari’ate dhewe - dhewe. Mulane para ummat (ahli kitab) kang saiki isih urip, aja padha madoni marang sira (Muhammad), lan ajak - ajaka nglakoni syari’at agamanira, ngestokake prentahe Pangeranira. Saktemene sira iku yekti ana ing pituduh (agama) kang bener
وَإِنْ جَادَلُوكَ فَقُلِ اللَّهُ أَعْلَمُ بِمَا تَعْمَلُونَ
Dene menawa wong - wong mau meksa madoni marang sira ing bab agama, dhawuha, "Allah iku luwih nguningani ing kabeh barang kang sira tindakake
اللَّهُ يَحْكُمُ بَيْنَكُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فِيمَا كُنْتُمْ فِيهِ تَخْتَلِفُونَ
(He wong mukmin lan wong kafir) besuk dina Qiyamat Allah bakal ngukumi ing perkara kang sira sulayakake

Choose other languages: