Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #61 Translated in Jawa

وَالَّذِينَ كَفَرُوا وَكَذَّبُوا بِآيَاتِنَا فَأُولَٰئِكَ لَهُمْ عَذَابٌ مُهِينٌ
Dene wong kang padha kafir lan padha anggorohake ayat - ayatingsun iku bakal kapatrapan siksa kang asor
وَالَّذِينَ هَاجَرُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ ثُمَّ قُتِلُوا أَوْ مَاتُوا لَيَرْزُقَنَّهُمُ اللَّهُ رِزْقًا حَسَنًا ۚ وَإِنَّ اللَّهَ لَهُوَ خَيْرُ الرَّازِقِينَ
Dene wong - wong kang padha pindah perlu nglabuhi agamane Allah bajur dipateni utawa mati, Allah mesthi bakal paring rejeki marang dheweke kanthi rejeki kang becik (ana ing suwarga). Lan satemene Allah iku becik - becike dzat kang paring rejeki
لَيُدْخِلَنَّهُمْ مُدْخَلًا يَرْضَوْنَهُ ۗ وَإِنَّ اللَّهَ لَعَلِيمٌ حَلِيمٌ
Lan temen panjenengane bakal nglebokake wong - wong mau ana ing panggonan kang nyenengake atine. Lan saktemene Allah iku maha Ngudaneni tur Maha Aris
ذَٰلِكَ وَمَنْ عَاقَبَ بِمِثْلِ مَا عُوقِبَ بِهِ ثُمَّ بُغِيَ عَلَيْهِ لَيَنْصُرَنَّهُ اللَّهُ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَعَفُوٌّ غَفُورٌ
KAng mengkono iku (yaiku anggone Allah mutusi perkara kau mukmin lan kaum kafir ana ing akherat). Lan sapa kang males kanthi piwales kang dipatrapake marang dheweke, banjur dianiaya, temen Allah bakal paring pitulungan marang dheweke (kang dikaniaya). Saktemene ALlah iku maha ngapura tur maha pangaksama
ذَٰلِكَ بِأَنَّ اللَّهَ يُولِجُ اللَّيْلَ فِي النَّهَارِ وَيُولِجُ النَّهَارَ فِي اللَّيْلِ وَأَنَّ اللَّهَ سَمِيعٌ بَصِيرٌ
Kang mengkono iku (pitulungane Allah) jalaran saktemene ALlah kuwasa nglebokake wengi marang rina lan nglebokake rina marang wengi, lan saktemene Allah iku maha Midhanget tur Maha pirsa

Choose other languages: