Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #63 Translated in Jawa

لَيُدْخِلَنَّهُمْ مُدْخَلًا يَرْضَوْنَهُ ۗ وَإِنَّ اللَّهَ لَعَلِيمٌ حَلِيمٌ
Lan temen panjenengane bakal nglebokake wong - wong mau ana ing panggonan kang nyenengake atine. Lan saktemene Allah iku maha Ngudaneni tur Maha Aris
ذَٰلِكَ وَمَنْ عَاقَبَ بِمِثْلِ مَا عُوقِبَ بِهِ ثُمَّ بُغِيَ عَلَيْهِ لَيَنْصُرَنَّهُ اللَّهُ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَعَفُوٌّ غَفُورٌ
KAng mengkono iku (yaiku anggone Allah mutusi perkara kau mukmin lan kaum kafir ana ing akherat). Lan sapa kang males kanthi piwales kang dipatrapake marang dheweke, banjur dianiaya, temen Allah bakal paring pitulungan marang dheweke (kang dikaniaya). Saktemene ALlah iku maha ngapura tur maha pangaksama
ذَٰلِكَ بِأَنَّ اللَّهَ يُولِجُ اللَّيْلَ فِي النَّهَارِ وَيُولِجُ النَّهَارَ فِي اللَّيْلِ وَأَنَّ اللَّهَ سَمِيعٌ بَصِيرٌ
Kang mengkono iku (pitulungane Allah) jalaran saktemene ALlah kuwasa nglebokake wengi marang rina lan nglebokake rina marang wengi, lan saktemene Allah iku maha Midhanget tur Maha pirsa
ذَٰلِكَ بِأَنَّ اللَّهَ هُوَ الْحَقُّ وَأَنَّ مَا يَدْعُونَ مِنْ دُونِهِ هُوَ الْبَاطِلُ وَأَنَّ اللَّهَ هُوَ الْعَلِيُّ الْكَبِيرُ
Kang mengkono iku (kuwasaning Allah) jalaran saktemene ALlah iku hak lan saktemene kang disembah sak liyane Allah iku batal. LAN saktemene ALlah iku pangeran kang Maha Luhur tur Maha Agung
أَلَمْ تَرَ أَنَّ اللَّهَ أَنْزَلَ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَتُصْبِحُ الْأَرْضُ مُخْضَرَّةً ۗ إِنَّ اللَّهَ لَطِيفٌ خَبِيرٌ
Apa sira durung sumurp, menawa saktemene ALlah wis nurunake banyu saka langit, banjur bumi iku dadi ijo subur? saktemene Allah iku maha Alus tur maha Waspada

Choose other languages: