Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #58 Translated in Jawa

وَلِيَعْلَمَ الَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ أَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَبِّكَ فَيُؤْمِنُوا بِهِ فَتُخْبِتَ لَهُ قُلُوبُهُمْ ۗ وَإِنَّ اللَّهَ لَهَادِ الَّذِينَ آمَنُوا إِلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
LAn maneh kersane Allah, wong - wong kang padha paringan ilmu agama iku padha sumurupa yen sak temene al-Qur’an iku nyata dhawuh terang saka Allah Pangeranira, dadi banjur padha mantep atine anggone padha iman. Lan saktmene Allah iku nuduhake wong - wong kang padha iman dalan kang bener
وَلَا يَزَالُ الَّذِينَ كَفَرُوا فِي مِرْيَةٍ مِنْهُ حَتَّىٰ تَأْتِيَهُمُ السَّاعَةُ بَغْتَةً أَوْ يَأْتِيَهُمْ عَذَابُ يَوْمٍ عَقِيمٍ
Lan wong - wong kafir tansha padha mamang marang al-QUr’an lan marang agama Islam nganti tekan mangsane mati kang ngegetake, utawa katekan siksane dina kang ora ana becike
الْمُلْكُ يَوْمَئِذٍ لِلَّهِ يَحْكُمُ بَيْنَهُمْ ۚ فَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ فِي جَنَّاتِ النَّعِيمِ
Ing dina Qiyamat, krajaan iku mung kagungane Allah pribadi, panjenengane ngukumi perkarane para wong - wong mukmin lang wong - wong kafir. Dene wong kang mukmin lan nindakake kebecikan, (panjenengane bakal ngenggonake) ana ing suwarga panggonan kenikmatan
وَالَّذِينَ كَفَرُوا وَكَذَّبُوا بِآيَاتِنَا فَأُولَٰئِكَ لَهُمْ عَذَابٌ مُهِينٌ
Dene wong kang padha kafir lan padha anggorohake ayat - ayatingsun iku bakal kapatrapan siksa kang asor
وَالَّذِينَ هَاجَرُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ ثُمَّ قُتِلُوا أَوْ مَاتُوا لَيَرْزُقَنَّهُمُ اللَّهُ رِزْقًا حَسَنًا ۚ وَإِنَّ اللَّهَ لَهُوَ خَيْرُ الرَّازِقِينَ
Dene wong - wong kang padha pindah perlu nglabuhi agamane Allah bajur dipateni utawa mati, Allah mesthi bakal paring rejeki marang dheweke kanthi rejeki kang becik (ana ing suwarga). Lan satemene Allah iku becik - becike dzat kang paring rejeki

Choose other languages: