Surah Al-Hajj Ayahs #54 Translated in Jawa
فَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَهُمْ مَغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ
Dene wong - wong kang padha iman lan nindakake kebecikan, dheweke iku bakal pikantuk pangapura lan rejeki kang mulya
وَالَّذِينَ سَعَوْا فِي آيَاتِنَا مُعَاجِزِينَ أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْجَحِيمِ
Dene wong kang sumedya batalake a yat - ayate ingsun kanthi duwe pangira bisa ngapesake Ingsun, wong - wong mau bakal padha oleh neraka jahim
وَمَا أَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ مِنْ رَسُولٍ وَلَا نَبِيٍّ إِلَّا إِذَا تَمَنَّىٰ أَلْقَى الشَّيْطَانُ فِي أُمْنِيَّتِهِ فَيَنْسَخُ اللَّهُ مَا يُلْقِي الشَّيْطَانُ ثُمَّ يُحْكِمُ اللَّهُ آيَاتِهِ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ
(Muhammad) Ingsun ora ngutus sakdurungira sakwijining utusan lan nabi ora beda karo kahananira saiki, menawa rasul mau maca dhawuhing Allah kanthi pangarep - pangarep diestokake ing kono syetan banjur ngenggokake surasane dhawuh kang diwaca kaya kang dadi karepe atine kang didhawuhi. Nanging ALlah nuli enggal - enggal batalake kang ditibakake dening syetan iku (aweh surasa kang luput mau), nuli Allah netepake ayat - ayate kelawan sakbenere. Dene ALlah iku maha Ngudaneni tur Maha Wicaksana
لِيَجْعَلَ مَا يُلْقِي الشَّيْطَانُ فِتْنَةً لِلَّذِينَ فِي قُلُوبِهِمْ مَرَضٌ وَالْقَاسِيَةِ قُلُوبُهُمْ ۗ وَإِنَّ الظَّالِمِينَ لَفِي شِقَاقٍ بَعِيدٍ
Kersane Allah dadekake barang kang ditibakake (kang diowahi) dening syetan mau iku dadi coba, anjlomprongake marang wong kang atine ana lelarane, mamang marang (dhawuhe Allah lan musyrik), apadene wong kang padha atos atine. Saktemene wong - wong kang padha nganiaya (kafir) iku ana pasulayan kang adoh
وَلِيَعْلَمَ الَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ أَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَبِّكَ فَيُؤْمِنُوا بِهِ فَتُخْبِتَ لَهُ قُلُوبُهُمْ ۗ وَإِنَّ اللَّهَ لَهَادِ الَّذِينَ آمَنُوا إِلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
LAn maneh kersane Allah, wong - wong kang padha paringan ilmu agama iku padha sumurupa yen sak temene al-Qur’an iku nyata dhawuh terang saka Allah Pangeranira, dadi banjur padha mantep atine anggone padha iman. Lan saktmene Allah iku nuduhake wong - wong kang padha iman dalan kang bener
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
