Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #43 Translated in Jawa

أُذِنَ لِلَّذِينَ يُقَاتَلُونَ بِأَنَّهُمْ ظُلِمُوا ۚ وَإِنَّ اللَّهَ عَلَىٰ نَصْرِهِمْ لَقَدِيرٌ
Wong - wong mukmin kang padha sumadya mengsah maju perang wis diparengake dening Allah, marga padha dikaniaya wong - wong kafir. Satemene Allah iku kuwasa paring pitulungan marang wong - wong kang padha iman
الَّذِينَ أُخْرِجُوا مِنْ دِيَارِهِمْ بِغَيْرِ حَقٍّ إِلَّا أَنْ يَقُولُوا رَبُّنَا اللَّهُ ۗ وَلَوْلَا دَفْعُ اللَّهِ النَّاسَ بَعْضَهُمْ بِبَعْضٍ لَهُدِّمَتْ صَوَامِعُ وَبِيَعٌ وَصَلَوَاتٌ وَمَسَاجِدُ يُذْكَرُ فِيهَا اسْمُ اللَّهِ كَثِيرًا ۗ وَلَيَنْصُرَنَّ اللَّهُ مَنْ يَنْصُرُهُ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَقَوِيٌّ عَزِيزٌ
Yaiku wong mukmin kang padha ditundhung para wong kafir saka omahe kanthi ora bener, mung jalaran anggone padha ngucap, "Pangeran kita iku Allah". Lan saupama ora ana pangayomaning Allah marang manungsa, sarta santosane wong mukmin anggone ngayomi wong kafir mesthi nglebur - ngleburake, pamujane pandhita lan greja - grejane wong Nashara lang panggonan sembahyangane wong Yahudi apa dene Masjid - masjide wong Islam kang tansah dienggo nyebut asmane Allah ana ing kono, mesthi padha dijugrugi kabeh. Nanging Allah mesthi paring pitulungan wong kang labuh marang Panjenengenang. Satemene Allah iku Maha Santosa lan Maha Gagah
الَّذِينَ إِنْ مَكَّنَّاهُمْ فِي الْأَرْضِ أَقَامُوا الصَّلَاةَ وَآتَوُا الزَّكَاةَ وَأَمَرُوا بِالْمَعْرُوفِ وَنَهَوْا عَنِ الْمُنْكَرِ ۗ وَلِلَّهِ عَاقِبَةُ الْأُمُورِ
Wong kang labuh (mitulungi) ing Allah iku kabeh owng kang menawa Ingsun tulungi, Ingsun panggonanke ana ing bumi, sempulur tumindake ana ing bumi, banjur padha nglakoni shalat lan mbayar zakat, lan ajak - ajak nglakoni penggawe becik, apa dene nyegah nglakoni penggawe ala. KAbeh perkara iku putusane ana ing astane Allah
وَإِنْ يُكَذِّبُوكَ فَقَدْ كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوحٍ وَعَادٌ وَثَمُودُ
(Muhammad) Dene wong kafir yen padha nggorohake ing sira, aja kaget, awit para ummat kuna sadurunge wong kafir iku uga maido rasule, kayata para ummate Nuh, kaum ’Ad lan Tsamud
وَقَوْمُ إِبْرَاهِيمَ وَقَوْمُ لُوطٍ
Lan kaume Ibrahim lan kaume Luth

Choose other languages: