Surah Al-Hajj Ayahs #30 Translated in Jawa
وَإِذْ بَوَّأْنَا لِإِبْرَاهِيمَ مَكَانَ الْبَيْتِ أَنْ لَا تُشْرِكْ بِي شَيْئًا وَطَهِّرْ بَيْتِيَ لِلطَّائِفِينَ وَالْقَائِمِينَ وَالرُّكَّعِ السُّجُودِ
(Muhammad) sira nyritakna nalika Ingsun dhawuh marang Nabi Ibrahim, nemtokake sawijining panggonan kang kudu dibangun (didegi) Ka’bah. Pangandikaningsun, "He Ibrahim, sira aja mangro tingal (musyrik) Sunngkemira marang Ingsun aja pisan - pisan kaworan marang liyane. Lan sira nucekna Ka’bah padalemaningsun kanggo wong kang padha Thawaf (ngubengi ka’bah) lan para wong kang muqim lan wongkang padha sholat, ruku’ lan sujud
وَأَذِّنْ فِي النَّاسِ بِالْحَجِّ يَأْتُوكَ رِجَالًا وَعَلَىٰ كُلِّ ضَامِرٍ يَأْتِينَ مِنْ كُلِّ فَجٍّ عَمِيقٍ
(Ibrahim) sira ngundangana para manungsa, supaya padha nglakoni ngibadah Haji marang ka’bah padaleman kagungan Ingsun. Wong kang tampa undangan mesthi ngestokake, padha teka ing panggonanira klawan mlaku dharat, dene kang adoh panggonane padha nunggang unta. Dheweke padha teka saka sadengah dadalan kang adoh
لِيَشْهَدُوا مَنَافِعَ لَهُمْ وَيَذْكُرُوا اسْمَ اللَّهِ فِي أَيَّامٍ مَعْلُومَاتٍ عَلَىٰ مَا رَزَقَهُمْ مِنْ بَهِيمَةِ الْأَنْعَامِ ۖ فَكُلُوا مِنْهَا وَأَطْعِمُوا الْبَائِسَ الْفَقِيرَ
Anggone padha teka mau supaya nyekseni (lan ngopeni) barang kang akeh kemanfaatane tumrap wong - wong mau (upamane nglakoni ngibadah Haji sinambi dagang), lan supaya padha nyebut asmane Allah ana ing dina kang katemtokake apa kang wis kaparengake dening Allah marang wong - wong mau, yaiku kewan raj-kaya. He manungsa mara padha mangana kewan raja-kaya mau, lan uga menehana pangan marang wong - wong kang kesusahan sarta fakir
ثُمَّ لْيَقْضُوا تَفَثَهُمْ وَلْيُوفُوا نُذُورَهُمْ وَلْيَطَّوَّفُوا بِالْبَيْتِ الْعَتِيقِ
Banjur padha ngilangana lan ngresikana rereget (cukur lan ngethoki kuku lan liya - liyane), lan padha nuhoni nadzar - nadzarira, lan padha nindakna thowaf ngubengi ka’bah ana ing dalem kang kuno (ka’bah)
ذَٰلِكَ وَمَنْ يُعَظِّمْ حُرُمَاتِ اللَّهِ فَهُوَ خَيْرٌ لَهُ عِنْدَ رَبِّهِ ۗ وَأُحِلَّتْ لَكُمُ الْأَنْعَامُ إِلَّا مَا يُتْلَىٰ عَلَيْكُمْ ۖ فَاجْتَنِبُوا الرِّجْسَ مِنَ الْأَوْثَانِ وَاجْتَنِبُوا قَوْلَ الزُّورِ
Wis mengkono kaparenging kersaningsun. Dene sing sapa ngegungake (ngestokake) angger - anggering Allah, iku tumrap ing dheweke luwih becik mungguhing Allah Pangerane. Sira padha diparengake mangan iwake raja-kaya kang mawa dibeleh, kajaba kang wis dilarang. Jalaran saka iku, sira ngedohana kekotoran, yaiku manembah brahala - brahala, lan sira ngedohana ucapan kang batal (golongan roh)
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
